Jenengku Lastri, Aku cah wedok biasa sing urip ning salah sijine desa ning Tanah Jawa Timur, Tepate ning desa Kebon sari Kabupaten Tuban. Aku mung bocah wedok biasa sing pengen njajal abstraksi ndonya, nerjang ganase ombak, lan mikul watu-watu panguripan mung kanggo nggoleki jati diri ku. Hah, 18 taun wayah sing pas kanggo mulai kabeh iki. Iki pancen ora perkara penting, tapi njajal mangerteni satitik kisah urip ku iki.
Urip karo wong tua, sing rina wengi pijer tukaran kaya kucing karo tikus, mesti ora nyenengna. Saben dina mesti krungu lambe pateng saut–sautan, lan rengekkan radio busem ning kamare simbah wis dadi salah sijine bagian urip ku. Aku mung bocah wedok biasa, ora bisa papa, ndeleng ana wong wedok sing wis loro-loronen kang terintimidasi ning kono. Pengen rasane aku ngepruk wong lanang bringas sing ora liya yaiku Bapak ku dhewe.
“ Dhuk, ndang sarapan, iku ning mejo ana sambel karo endog”, tak delok ning meja mung ana endog loro, nek tak pangan mengko simbah karo si mbok mangan apa? Aku ora mungkin tega ndelok simbah karo simbok keleson, senajan aku weruh yen si mbok kudu mangan ndisik sak durunge ngombe obat saka Pak mantri sing kari sak ombenan. Aku dhewe bingung kudu nggolek dhuwit nang ngendi maneh kanggo tuku obate si mbok. Miris ati iki ndelok si mbok loro-loronen, jarene Pak mantri si mbok kenek penyakit organ njero.
“ Iki bakalan dadi dino kang dhawa, ya… Lu”, jalu kuwi pitik ingon-ingonanku, sing angger isuk kluruk nangekna aku. Jam enem pas aku budhal sekolah. Sekolahan ku pancen ora sekolahan gedhe. Gedunge ya sederhana, tapi ning kono aku bisa sinau apa iku matematika, apa iku Bahasa Indonesia, lan apa iku sejarah.
Aku emoh nyiak-nyiakna perjuangane si mbok nyekolahna aku. Kluwargaku mung kluwarga sederhana, urip ya pas-pasan, isa nyekolahna aku sampek SMA iki wae wis ngoyo tenan.
Mulih sekolah, nak pas mulih sore aku langsung ngrewangi si mbok nyiapna mangan kanggo bapak. Amerga yen si mbok kesuwen sithik nyiapna mangan mesti bapak muring-muring ra ontro. Sak wise kabeh siap aku mangan bereng karo si mbok, si mbah, lan bapak. Saiki bapak wis jarang mulih, mbuh nang ngendi parake. Ora tega rasane aku ngawasi si mbok, mangan wae sampek gobyos keringeten amargo nahan lara. Aku wes dhuwe tekat, aku kudu bisa nggolek dhuwit sing akeh kanggo nggawa si mbok nang rumah sakit.
Angger sekolah mulih isih awan, biasane aku gak langsung mulih, aku mampir dhisik ning warunge mbak surti, ngrewangi umbah-umbah piring, kadang ya ngrewangi tanggaku tandur, pokoke kabeh prenggawean sing kira-kira bisa tak lakoni ya tak lakoni. Dhuwite tak klumpukna kanggo tuku obate si mbok, sisane tak tabung kanggo nggawa si mbok ning rumah sakit. Bapak ora tau nakokna keadaane si mbok, apa meneh titip dhuwit kanggo tuku obate si mbok. Angger mulih, awak ku rasane remek kabeh. Tapi tetep tak sempat-sempatno mbukak buku lan sinau. Amarga Ebtanas ya wis cedhak.
Ebtanas wis bar, UAS ya wis bar. Aku karek ngenteni metune danem. Atiku rasane dhuk-dhuk plas. Jum’at, sekitar jam wolu, danem wis metu, pancen danem gak ngarah ana pengaruhe kanggo uripku sok emben, tapi aku tetep pengen ngukir kebanggaan ning dadane wong tuaku, amarga anake bisa oleh danem apik. Mung ngimpi yen aku sampek dhuwe pikiran ape nglajutna sekolah. Wong bento wae bakal ngguyu aku yen sampek krungu aku dhuwe kekarepan pengen nglajutna sekolah. Lamunanku sak kala buyar, bareng ngerti bocah pada gemruduk mara ruang guru. Ndadake daneme wis metu, aku ndesek-desekan bareng bocah-bocah liya, bareng tak delok, ndadake danemku masuk peringkat telu sak SMA ku, rasane atiku seneng banget, awakku lemes, amarga sangking senenge. Aku langsung mlayu mulih, si mbok lan si mbah mesti seneng krungu warta iki.
Pas aku tok omah, ya allah, si mbok semaput ning pawon, aku langsung berok-berok nyeluk si mbah, “ mbah….mbah….simbok semaput, mbah!!!!”, si mbah langsung mlayu marani aku. Sak kala, aku langsung mlayu mara ning omahe Pak mantri. Si mbah di rewangi tanggaku nggendong si mbok mara ning kamar. Dhawuhe Pak mantri, si mbok penyakite saya parah. Kudu nang gage di gawa ning rumah sakit. Tapi apa sing tak nggo ngawa simbok rono. Aku ora gablek papa.
Bengi iki sepi banget, sekitar jam setengah pitu, ana wong ngedor-ngedor lawang omahku. Ndadake mbak Lisa, mbak lisa kuwi tanggaku sing lagi teko saka Kalimantan. Ndekne merantau kanggo golek kerja ning kono lan sakiki dadi pelayan lestoran. Aku di tari melu kerja ning kana. Aku bingung, tapi kayake wis gak ana pilihan maneh, si mbok wae panyakite saya parah. Nak si mbah jarene sak karep ku wae. Tekatku wes mantep aku alok melu mbak lisa wae.
Isuke, jam 6 isuk, aku budal nyang Kalimantan bareng mbak lisa. Perjalanan kira-kira 5 dina, rada suwi marga aku numpak kapal laut. Sak wise tok kalimantan, aku njujug ning kos-kosane mbak lisa. Esuke aku wis bisa mulai kerja. Awal-awale aku pijer ileng si mbah lan si mbok terus.
Dina wis ganti, ulan yo wis ganti, gak krasa wis 3 ulan aku ning kene, saiki bayaranku wis lumayan, wis isa tak tabung. Paling ora 3 ulan maneh, aku lagek isa mulih.
Iki waktu sing tepat kango aku muleh, dhuwit tabunganku wis lumayan akeh. Rasane aku wis kuangen karo si mbok lan si mbah. Sekitar jam wolu isuk aku mara nang pelabuhan. Mulih numpak kapal laut maneh.
Aku wis tok ngarepe omah, gak ana sing maleh, kabeh iseh kaya biyen pas aku budhal. Aku mlebu omah, “ Mbok,…mbok …..aku mulih mbok…..mbok”, tapi gak ana sing nyauri. Aku mara mengguri, ning kana ana si mbah lagi njongok dhewean. “ mbah, simbok ning ngendi??? Kok gak ana”, “ nduk, kowe mulih, nduk, mbah, kuangen, nduk”, “ nggeh mbah, si mbok ning ngendi mbah?”, “ nduk, gek nane, si mbokmu semaput, terus tak gawa ning Pak mantrI, jarene si mbokmu wis kritis banget, si mbokmu emoh di gawa ning rumah sakit, jarene ape ngenteni kowe nduk, , , , sampek akhire si mbok mu ora ana”, “ ya allah, rasane atiku ajur”. Si mbah banjur nggowo aku ning kuburane si mbok, , , ning kana ana wong lanang, sing ketoke aku kenal, nangis ning kuburane simbok, iyow, aku kenal wong iku, iku…………… BERSAMBUNG…..
Wektu
VIII-F COMMUNITY, Rabu, 14 April 2010
Label:
Rosita Putri A.
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
di terusin ngeblognya ya dikkkk...........
coba blognya daftarin di adsense.google.com
itu yang bikin dapet uang.......