CETHIL

Dening : Siti Nor Leli

Luluse Husen, anake Salamun lan Murtini, kuwi wis cedhak. Dina iku, ujiane bar, kabeh murid pada bungah. Salah sawijine Husen. Pada bungah amerga wis bar ujiane lan pas bar lulusan arep ana rekreasi ing Yogya. Tapi Murtini malah susah, amerga ora dhuwe dhuwit kanggo sangu rekreasi Husen.
Salamun kuwi prenggaweane adol krupuk, lan Murtini sing mbunteli krupuk ing omah, karo diiwangi tanggane. Salamun kadang muleh saka adol krupuk, iseh adol manuk. Ngono jarene ora dhuwe dhuwit. Sebenere ora dhuwe dhuwit apa eman kanggo nyangoni anake. Salamun kuwi pancen wong kang medhit. Amerga diujuk-ujuki Murtini, akhire Salamun gelem nyangoni Husen lan oleh melu rekreasi.
Esoke, wayahe budhal rekreasi. Husen budhale njaluk ngeterno Salamun, amerga jarak sekolahane karo omahe adoh. Maune Salamun ora gelem ngeterno, tapi akhire gelem amerga dipeksa Murtini. Salamun gelem ngeterno, tapi kayake ora ikhlas, numpake sepedha motor elun-elun tenanan.
Wektu tekan sekolahan, tibake bise wis berangkat jam pitu luwih seprapat mau, jare wong sing omahe cedhak sekolahan. Soale saiki wis jam setengah wolu. Husen langsung medhun saka sepedha motor lan nyelehno tase ing lemah.
“ wis pak, ayo muleh wae! “ omonge Husen. Sing Salamun meneng wae lan langsung nyetater sepedhahe. Ing dalan Husen meneng wae, pas tekan omah langsung ngamuk rakaruan. Lagek mlebu omah, lawang omahe langsung disaduk, bruaakkkk….,,,,swarane kanthi ngagetno wong sing bunteli krupuk ing omahe. Lan tase dibanting uga krupuk-krupuk sing wis dibunteli diidak-idak kanthi remuk kabeh.
Sak durunge, Husen ora tau muring-muring kaya ngene. Tanggane pada kaget lan nggumun. Soale Husen kuwi bocahe apik, nurutan, uga ora tau muring-muring, lan saiki ngamuke tenanan. “ Ngeneki sing salah ya lek Salamun, le medhit karo anak wae tenanan, ngantek Husen muring-muring kaya ngene” omonge tanggane. Kanthi pirang-pirang dina Salamun iseh dieneng Husen lan Husen sering muring-muringi wong sakjromah.
Esok-esok pas wayah Murtini tuku tempe, ora sengaja krungu nek ape ana rekreasi ing Yogya. Sing ngadakno wong-wong sing dodolan krupuk. Kebeneran Salamun ya adol krupuk, dadi oleh melu. Murtini langsung bali muleh lan kandha karo Husen lan Salamun. Sing Husen langsung bungah.
“Ya wis sesuk nang budhal ning Yogya” omonge Salamun ning Husen. Amerga seneng, Husen langsung nata klambine kanggo sesuk moro Yogya. Sing Salamun susah, amerga saiki Salamun kudu bayar maneh kanggo rekreasi. Lan golek sangu, soale dhuwit sing ora sida melu rekreasi sekolahan ora dibalekna. Saiki Salamun dadi ngetakna akeh dhuwit, amerga saka ulah lan kesalahane dhewe.

Comments :

0 komentar to “CETHIL”

Posting Komentar