Dening : Alinur awal akhir
Dina iki, kaya biasane Nisa mangkat sekolah karo Lastri. Nisa lan Lastri wis kancanan kawit cilik nganti saiki, loro karone wis kelas siji SMP. Bocah loro kuwi omahe tangganan, bapak lan ibuke ya wis kaya dulur dhewe, mulane cah loro kuwi ora tau pisah. Nok endi ana Nisa, ing kono ana Lastri. Ngono jarene bocah-bocah sing kenal karo cah loro iku.
Nanging, uwong iku bedha-bedha, ana sing apik lan ana uga sing elek. Kabeh uwong nduwe apik lan eleke dhewe-dhewe. Yen Nisa iku bocahe ora pinter nemen lan rada mbeling, nanging kancane sak lapangan. Lastri bedha maneh, dheweke iku nurut karo wong tua, pinter, lan ora seneng omong. Mulane iku, dheweke sering diarani sombong karo bocah-bocah sak sekolahane.
“ Nis, kowe ora minder karo kancamu sing sombong kuwi? ” takone Bayu, kanca sak kelase nalika lastri melu lomba siswa berprestasi menyang kabupaten.
“ Karepmu? ”Nisa takon balik.
“ Kuwi lho, kancamu sing pinter dhewe……..” bales Ramli, ketua kelase.
“ Lastri karepmu? Ora, aku ra minder kok…uwong kan nduwe apik lan eleke dhewe-dhewe ” saure Nisa enteng.
“ Lastri iku cah pinter, nanging ya ngono,,,,sombong! Omongan marang aku wae ra tau. Yen kowe iku …. ” unine Ramli.
“ Ora pinter nanging ya ora sombong…” saute Bayu.
Omongane bocah-bocah kuwi mau dipikir terus karo Nisa. Dheweke ngerti sing dikarepno bocah-bocah. Nalika Lastri menyang omahe Nisa kanggo nyaritakno lombane mau, Nisa langsung ngomong karo Lastri yen dheweke iku kemenengen, mulane cah-cah padha ndarani dheweke sombong amarga ora tau omongan karo cah-cah. Nanging, ora nanggapi apik karepe Nisa, Lastri malah ndarani Nisa padha kaya bocah-bocah. Nisa wis njajal ngomong ngomong maneh karo lastri yen karepe ora ngono, nanging Lastri tetep ora gelem ngerti.
Sakwise kejadian kuwi, Nisa lan Lastri ora tau ngomong utawa mangkat sekolah bareng maneh. Ana-ana wae alasan cah loro kuwi mben wong tuane ora weruh yen bocah loro kuwi tukaran. Nanging, sing jenenge wong tua iku tetep weruh-weruh wae. Nalika ditakoni, bocah loro iku padha ngomong marang wong tuane yen dheweke kabeh ora ana masalah apa-apa.
Kanca-kancane ya padha ora kalah bingunge, bocah sing biasane ora tau pisah dadi meneng-menengan. Saiki, Nisa ora tau melu-melu Lastri menyang perpustakaan meneh, dheweke luwih seneng dolanan karo bocah sing ana ing kelas nalika ngaso. Amarga pingin weruh, bocah-bocah takon marang Nisa ana masalah apa dheweke karo Lastri. Nisa nyaritakno kejadian nalika Lastri nyang omahe. Akhire, nalika Lastri balik saka perpustakaan, bocah-bocah njelasno karo dheweke apa sing dikarepno Nisa lan cah-cah kuwi dhewe marang dheweke.
Saiki, Nisa lan Lastri ora tukaran maneh. Malah, Lastri wis ora sungkan maneh dolanan karo bocah-bocah. Dheweke wis ngerti yen dheweke salah. Kabeh iku kanca, pinter utawa ora, sugih utawa mlarat, iku ora masalah.
Kanca iku padha
VIII-F COMMUNITY, Sabtu, 03 April 2010
Label:
Alinur Awwalina
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Comments :
Posting Komentar