Kedadean wedal enjeng.

Kacarita salah sawijining kaluwarga alit kang sarana tebih saking keramaiyan padangipun kutha , ing sawijining padesan tebih saking swantenipun mesin lan mardi ageng kang wonten namung mardi alit, kang namung saget kalampahi kulawa suku kekalih kasebut “ Mojolali ” nggih niku nami dusun ingkang kula griosaken, dhateng mriki kawula dipun lahiraken 15 warsa kepengker, dhateng dusun alit mriki sepindah kula gesang sesarengan bapak lan ibu kula.

Dusun ingkang kula panggeni tebih saking dusun-dusun tetanggi, mbetahaken wedal setunggal ngantos kaleh jam yen kula badhe sowan dhateng sedeler dusun tetanggi, Mojolali manggen wonten lerengipun arga ageng, Kabupaten Bandung Selatan.

Dusun–dusun tetanggi kerep kengeng bencana nanging alhamdulillah dusun Mojolali dereng nathe kengeng bencana, amargi panggenipun radhi inggil, amargi niku sepindah dusun kula dereng wonten sekolah, nila menika kula mboten sekolah amargi saking tebihipun sekolah.

Saben enjing kula sabiantu bapak dhateng sabin kaliyan ngaterake sarapan lan unjukan wedang kangge sarapan, dumugi siang gantos ibu ingkang ngasto kiriman kangge dhaharipun bapak, ajeng wangsulipun sareng ibu.

Wedal wangsulipun bapak, ibu dhateng wingking ndhamel unjukan, bhakdo meniku sasampunipun bapak siram, sareng–sareng sholat maghrib jama’ah. Sasampunipun sholat maghrib bapak, ibu, lan kula kumpul-kumpul sareng, geguyon, lan kacarita ngantos jam 20.00. Bhakdo meniku bapak lan ibu sare, kula taksih dhateng ngajengipun griya, ningali kahanan-kahanan kang wonten ing pethengipun wengi, kula pikiraken “ Pancen bener kahanan ing deso meniku beda sanget kaleh kahanan ing kutha ”........Eeee ndadalah angin ageng nyamber salira kula, brrrrrrrr...................salira kula rasanipun adem, kula mlebet griya lan kula pinarak dhateng kasur, salira kula kaget amargi wonten swanten ageng kang ngagetake kula, nanging mboten kula peduliaken.

Jam 05.00 wedal kula tangi, kula tingali kahanan ing ngajengipun kula, Massa allah............. kula kaget ningali griya kula risak kengeng gempa, terase tetanggi kawula.
“Bapak lan ibu dhateng ngapundi ?"
"Bapak lan ibumu ana ing griyane P. Darmin....” kula tindak dhateng griyaipun P. Darmin, dhateng mriku kula ngaweruhi bapak lan ibu sare, saliraipun babak kengeng gempa, nanging kula tumrap ngucapaken syukur dening gusti kang maha kuasa, kula, bapak, lan ibu taksih diparingake keselametan.

Comments :

0 komentar to “Kedadean wedal enjeng.”

Posting Komentar