(Dadija Oetomo)
Nek kewan mono, dikandhani ping sepuluh wae aku maklum nek ora digagas. Kewan pancen ora duwe akal. Ning nek menungsa, kudune nek nganti bola-bali diomongi nanging ora digugu blas.... jan keblacut. Terus, apa bedane karo kewan ?
Aku jan jengkel banget karo anakku. Anakku jan angel kandhanane. Jiann nduuaableg. Nyidham apa biyen ibune nalika mbobot. Aja-aja biyen ibune (ya bojoku) nyidham mangan umbel. Lha wong nyidham wae kok nyidham umbel. Lha nek ngono tenan, ya pantes nek anakku lair bodho. Ah... kok nglantur.
Perkarane mangkene. Dheweke diwenehi tugas gurune supaya blajar nulis. Nulis apa bae. Isa crita, isa pengalaman, utawa nulis laporan. Wis pirang-pirang dina anakku nggethu nulis. Ketoke dhewekke nulis crita cekak. Amarga wis pirang-pirang dina anggone nulis, aku mbayangna mesthi tulisane akeh. Paling gak, ana nek mung rong lembar wae.
Nanging iba kagetku, nalika dakdeleng hasile, .... Wah tulisane .... Ueeelek banget. Hasile sithik tur tulisane akeh sing salah. Nulis pancen ora gampang. Nanging nek mung nulis sing bener kaya aturan, apa angele? Apa maneh wis bola-bali diwarahi.
"Nulis mara ki ra nganggo 'o' cuuung," aku nganti mbengok banter nalika marahi anakku.
Nanging nyatane anakku ora nggape blas. Saben-saben nulis 'mara' mesthi ditulis 'moro'. Nulis 'ana' ditulis 'ono', lan sapinunggalane. Ya... wis ra papa. Sing penting gelem nulis. Nulis crita, utawa nulis apa wae. Anakku endhak-endhake ndandani tulisane maneh. Wah ya muangkelke maneh. Wis critane mung kaya rangkuman, tulisane isih tetep uaaaakeh sing salah.
"Ya Allah Gustiiiii, paringana sabaaar, sugiiiiih, lan liya-liyane," grememengku nalika maca tulisane anakku.
Ya wis. Tetep dakmaklumi. Wong pancen bocah. Ning nek aku eling, manawa dheweke kuwi wis kelas loro SMP, atiku mangkel maneh. Kelas loro SMP mesthine rak wis cukup pinter nek mung nulis crita utawa nulis pengalamane dhewe ngono wae. Ning kena apa tulisane anakku kok ra nggadheg? Wah ngelu sirahku.
Apa maneh anakku jare klebu ning kelas unggulan, sing jare wali kelase, klebu bocah-bocah hebat, bocah-bocah pilihan. Lho.... lha liyane banjur kepriye nek tulisane bocah pilihan wae kaya ngene dhapure? Gek-gek gurune sing mulang nulis, ora isa nulis. Wah lha nek ngono, apa gunane 'kelas unggulan'? Utawa, gek gek anakku klebu bocah bodho sing mung ra sengaja katut ning kelas unggulan?
Dakwaca maneh tulisane anakku. Gek-gek aku sing salah maca. Ah... ya ora. Pancen tulisane gak jluntrung. Tulisane akeh sing salah, critane mung kaya rangkuman, tur basane GTB - gak tepak blasss.
"Cuuung.... ! Reneya...!", aku mbengoki anakku.
"Apa paaak!" jawabe anakku.
Aku njomblak krungu saurane anakku. Lha kok 'apa' ki, apa ning sekolahane ra tau diwarahi basa? Karo bapake kudune rak "kula pak" toh "dalem pak". Ora kok "apa pak" ngono kuwi. Wah jan njengkelna banget. Ning atika daktata maneh. Ora papa, wong jenenge isih bocah.
Bareng anakku wis cedhak aku, banjur dak duduhna tulisane. Dak duduhna nek tulisane akeh sing salah. Iki salah, iku salah. Salahe ning kene, benere mangkene. Liyane kuwi dakkandhani nek critane jane apik, ning olehe crita wae sing kurang apik. Critane kurang jelas, merga kur dirangkum. Dheweke manthuk-manthuk sajak paham banget karo apa sing dakomongake.
"Dandani maneh ya cung !" kandhaku sareh.
"Nggiiih pak ", jawabe nyenengake atiku.
Gang sesuke, dakdeleng maneh tulisane anakku sing jarene sanggup arep didandani. Jarene ya wis didandani. Nanging, endi sing didandani? Kok isih pancet, salah kabeh?
Waaah...... suueeeetressssss aku. Pateni wae cuuuung bapaaakkk !
(Selain ini coba baca tulisan di halaman Bahasa Indonesia)
Wah jiaaaan njengkelna buangeeet !
VIII-F COMMUNITY, Selasa, 20 April 2010
Label:
Dadija Oetomo
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Comments :
Posting Komentar