Joko Mbrantas Kejahatan

Saka : Aku (nomer 7)

Mbiyen ana alas sing jenenge alas Roban, ning alas iki ana desa sing jenenge desa Kwarta lan ning desa iki wargane pada rukun. Umume warga sing manggon ning kene penggaweane tani lan ning desa iki akeh cah cilik-cilik. Salah siji saka cah cilik mau anak cah cilik sing jenenge Joko. Joko iku anake Pak Kardi, Pak Kardi iku petani ing desa Kwarta, saliyane nduwe bapak Joko iku iya nduwe ibu, jenenge ibune yaiku Tukiyem. Keluargane Pak Kardi iku serba kecukupan mulane kanggo ngewangi perekonomian keluarga Tukiyem biasane nggolek kayu ing alas kanggo didol ning pasar. Jarak antarane pasar saka desa Kwarta lumayan adoh, merga pasar kuwi panggonane ning jabane alas, mulane biasane Tukiyem ngedol kayu ning pasar seminggu kaping pisan. Sing nggolek kayu ing alas kanggo didol ing pasar iku ora Tukiyem wae, nanging tangga-tanggane iya, mulane angger ngedol kayu ing pasar biasane dheweke ngedol bareng-bareng.


Ing salah sijine dina Joko dolanan karo kanca-kancane, nanging dheweke bingung arep dolanan apa lan dheweke mutuske rembukan. Akhire sawise dheweke rembukan dheweke nemukna dolanan sing apik yaiku obak delik. Sawise nglakoni dolanan iki tibae sing unyik Joko, lan sawise kancane pada ndelek kabeh Joko miwiti nggoleki kanca-kancane sing pada ndelek. Sawise nggoleki kancane Joko ora nemukna kancane siji-sijia lan akhire Joko mutuske mlebu alas, sawise mlebu alas bocah cilik iki iya ora nemukna kanca-kancane maneh. Joko mikir paling kanca-kancane ndelek ning alas sing luwih jero, tanpa mikir maneh Joko langsung ning alas sing luwih jero, sawise iku Joko iya ora nemukna kanca-kancane, akhire Joko dadi jengkel lan dhekne ngrasa kesel lan dhekne mutusna istirahat sedhela. Sawise sa’jam istirahat Joko mutuske mulih, nanging bocah cilik iki bingung endi dalan kanggo mara omahe lan cah iki lungguh lagi sedhela lungguh, ndadaan bocah iki nangis. Tangisane iki dirungakna karo Opi, Opi iku salah sijine kethek ing alas kuwi, mari ngono Opi mara ing sumber tangisan iku. Sawise mara ing sumber iku Opi ndada’an nemukna bocah cilik sing nangis, mari ngono Opi ngomong,” kowe kenek apa? ”, lan Joko kaget krungu suara iku, karo wedi Joko jawab,” aku iku kesasar ing alas iki merga aku mau nggoleki kancaku sing ndelek”. Sawise ngrungakna penjelasane Joko akhire Opi gelem ngeterna Joko menyang omah. Karo mlaku Joko muni,” jenengmu iku sapa seh ? ”,mari ngono Opi jawab,” jenengku iku Opi, aku iku manggon ing alas iki”. Akhire dheweke tekan omahe Joko, lan mari ngono Joko muni,” matur nuwun opi, merga kowe bar ngeterna aku tekan omah”, lan Opi jawab,” pada-pada, aku ikhlas lan seneng kok bantu kowe”.


Sawise kejadian kuwi hubungane Joko lan Opi dadi cedak, dheweke dolanan bareng-bareng, kadang-kadang Joko dolanan ning alas lan kadang-kadang Opi sing dolanan mara omahe Joko. Ing salah sijine dina desa Kwarta digegerke ilange pitike warga, kanti kadadeyan kuwi saiki ronda bengi ing desa kwarta diperketat, nanging ing wayah bengi ora ana siji-sijia wong kang nyolong pitik, para warga digawe bingung karo permasalahan iki. Ing salah sijine dina kaya biasane Joko golek suket kanggo pakan wedhuse ing cedake alas, sawise entuk lumayan akeh suket Joko mutuske muleh. Sawise tekan omah Joko langsung nguwehi suket mau kanggo pakan wedhuse, nanging pas iku ana suara aneh saka kandang pitike, mari krungu suara iku Joko langsung mara kandang pitike. Ndadaan ning kana ana garangan, tanpa mikir Joko langsung ngguraki garangan mau, sawise garangan iku mlayu Joko mikir,”berarti sing nyolong pitike warga iku ora menungsa tibae garangan”. Mari ngono Joko crita marang bapake, ibune, lan para warga. Lan Joko njaluk tulung marang bature yaiku Opi kanggo bantu nyekel garangan sing nyolong pitike warga, sawise crita akeh karo Opi, ndadaan Opi gelem ngewangi. Mari ngono dheweke nggawe rencana kanggo nyekel garangan mau, sawise entuk cara kanggo nyekel garangan Joko lan Opi langsung nglakoni rencana kuwi.


Dheweke nggawe jebakan, jebakan iku krangkeng cilik ing jerone ana rong panggonan. Panggon kesiji diiseni pitik lan sijine maneh kanggo jebakan garangan, sawise krangkeng mau dadi, dheweke langsung nyelehna krangkeng iku ning panggonan sing wis ditentukna lan mari ngono dheweke mulih. Isuke dheweke ndelok jebakan iku, ndadaan ing jerone krangkeng ana pitik lan garangan, mari ngono pitik mau dicolna lan garangan sing ijek ning jero krangkeng mau dibuak ing kali karo Joko lan Opi. Sawise iku desa Kwarta mbalik tentrem lan damai maneh, lan sawise kejadian kuwi Joko lan Opi dianggep ksatria ing desa Kwarta.

Comments :

0 komentar to “Joko Mbrantas Kejahatan”

Posting Komentar