Dening : Nisfatin Shofiana
Sore iku , dadi sore sing paling dakgethingi . Anakku sing nomer siji lunga kanggo selawase . Atiku isih lara karo kedadian iku , nganti saiki aku durung isa nglalekno .
Ngenes tenan uripe anakku iku . Awal kedadiane iku dina Jum’at sore . Samulihe saka omahe mbahe , awake Mia panas . Tak kira dheweke iku mung kena panas biasa . Mulane iku , wengine aku lan bojoku nggawa Mia menyang Bidan Desa . Sawise di periksa , Bu Bidan dhawuh yen Mia mung kena panas biasa lan mengko yen sampun ngombe obat , panase bakal mudhun .
Esuke , awake Mia isih panas . Dhakombeni Mia obat meneh . Nganti dalu , panase Mia durung mudhun-mudhun . Mbahe rawuh niliki putune , aku diutus nggawa Mia ing dokter liya . Sawise diperiksa , dokter kuwi yo ngomong yen Mia mung panas biasa . Sawise ngombe obat , Mia turu . Mbahe dadine nginep , amerga ora tega ninggalno putune sing lagi lara .
Esuke , panase mudhun . Amerga panase sampun mudhun , mbahe kondur. Bojoku dina iku ing sawah , lan aku ing omah dhewekan . Wetara jam 10 , idep-idep Mia mutah-mutah lan ngising terus-terusan . Aku dadi kuwatir . Samulihe bojoku wetara jam setengah 12 , aku langsung ngajak nggawa Mia menyang puskesmas . Tanpa adus , bojoku langsung salin klambi lan langsung nggroncekno aku lan Mia menyang puskesmas sing cedhak .
Satekane ing kana , anakku langsung diperiksa karo dokter . Tapine dokter kuwi ngomong yen dheweke ora sanggup , lan ngongkon aku nggawa anakku menyang rumah sakit. Nembe sakjam olehku ngenteni ambulans puskesmas kanggo nggawa anakku menyang rumah sakit .
Sateka ing rumah sakit lan nembe diinfus , anakku wis ora ambegan maneh . Aku ora percaya yen anakku wis ninggalno aku kanggo selawase , aku semaput . Sabanjure iku , Bulikku lan Paklikku teka , Bulikku semaput wektu ngerti yen Mia sampun kapundhut .
Akeh wong-wong sing padha nyalaho aku lan bojoku , amerga kesuwen olehe lagi nggawa Mia menyang rumah sakit . Coba wong-wong ngerti , yen anakku mati ora merga penyakit. Tapi amerga wong wedok ayu iku panggon kandhang sapiku wis njupuk
“Wong Ayu Iku”
VIII-F COMMUNITY, Minggu, 04 April 2010
Label:
Nisfatin Shofiana
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Coba bandhingna :
//Sore iku , dadi sore sing paling aku gethingi// karo //Sore iku , dadi sore sing paling dakgethingi// //Anak nomer sijiku// karo //Anakku sing nomer siji//.
Nulis ukara kudu efisien. Sing mboktulis kan struktur bahasa Indonesia, sing beda karo struktur basa Jawa. Ning basa jawa gak kenal frasa "aku gethingi" (Ind. : saya benci). Sing ana "dakgethingi" utawa "takgethingi". Coba nek nulis maneh sing setiti, supaya pas.
Tulisane isih ana sing salah : /ninggalno/, /atikku/, /sampe'/, /nasib'e/ lsp. Uga isih ana sing salah ngenani bab "huruf kapital". /jum'at/ kudune /Jum'at/.
Ater-ater (awalan) tak, kok, di, kudu ditulis gandheng. Ayo coba diedit maneh.