Nyesel Ing Ngguri kuwi Ora ana Kanggone

Ing desa urip loro sapasang kekasih jenenge Yanto lan Rumi. Sawise nikah Yanto lan Rumi dikek’I anak siji sing dijenengi Arum. Dinten ganti dinten, wektu ganti wektu ora krasa umure Arum wis enem taun, Arum disekolahake, dirawat, disayang banget karo wongtuwane.

Sepuluh tahun maneh

Arum tambah gedhe, tapi kelakuane karo wongtuwane tambah ora apik, Arum wis wani mbentak-mbentak wongtuwane yen kapinginane ora dituruti.

Ing dina iku Arum njaluk montor karo bapak’e Yanto, tapi bapak’e ora nduwe duwik pekara kapinginane ora dituruti Arum ngamuk-ngamuk, dheweke iri karo kanca-kancane sing budhal sekolah numpak montor utawa sepedha montor, tapi dheweke budhal numpak sepedha onthel.

Arum ngamuk-ngamuk karo bapak’e tapi bapak’e meneng wae amerga banget sayange karo Arum.Gak suwe teka ibune Arum ya iku Rumi “Ana apa toh iki cah ayu bapakmu kok kowe seneni?” takon ibuk’e, “iki buk bapak ora gelem mundhutake aku montor,aku pingin montor, supaya ora isin karo kanca-kancaku” kandane Arum karo ibuk’e “Bapakmu iku gelem mundhutake kowe, tapi bapakmu lagi ora dhuwe duwik,, dadi bapakmu ora bisa mundhutake montor kanggo kowe cah ayu” jawab ibuk’e, “halaaah ibu karo bapak padha wae medhit” Jarene Arum ketus, karo nyurung ibuk’e nganti tiba.

Arum langsung metu saka omah karo ngamuk-ngamuk lan miso-miso, gak suwe Arum krungu swara bledhek buaaanter bannget, menawa iku tanda yen Arum kudhu nyuwun sepura karo wongtuwane, tapi Arum ora cepet-cepet nyuwun sepura, Arum ora gelem nyuwun sepura karo bak lan ibuk’e, ora njarak Arum pethuk karo kancane, pas Arum pengen nyapa kancane, dheweke dadi ora bisa ngomong.

Arum akhire lagek sadar lan nyesel atas kelakuane dheweke, dheweke nyuwun sepura tapi tetep dheweke ora bisa ngomong Saumur uripe.

Comments :

0 komentar to “Nyesel Ing Ngguri kuwi Ora ana Kanggone”

Posting Komentar