Wayah panen iku sing dienten-enteni warga Paseyan, merga sawise panen kuwi desa Paseyan nanggap wayang kulit kanggo sedhekah bumi. Biasane wulan Mei digawe sedhekah bumine, nanging kadhang-kadhang wayah panenne gak mesti dhadhi wulan April utawi Juni, luwih tepate sawise panen, Kamis Pahing. Warga Paseyan wajib nyumbang dhuit kanggo perlengkapan sedhekah bumi, keluwarga sedherhana nyumbang Rp 3000,- sing sugih wajib nyumbang sandhuwure Rp 7000,-.
Seminggu setengah sadhurunge sedhekah bumi, pengurus desa Paseyan ngadhake lomba volly, jambeyan, masang umbul-umbul, lan lia-liane. Lomba volly kanggo antar RT jam telu tandhinge, diselingi musik teka sponsor rokok djarum dhadhi suwasanane rame banget. Jambeyan dilaksanakna sedhina sadhurunge wayang kulite, jambeyane kuwi antar RT sisan, diselingi orgen tunggal teka sponsor indosat, lan lia-liane. Suwasanane dhadhi heboh, endhak-endhake kayak ngrebutna barang sing mewah. Sawise jambeyan bar ditanggapke barongan teka desa Paseyan dhewe, lha malem sedhekah bumi sponsor-sponsor nyumbang orgen tunggal lan penyanyi-penyanyi sing top.
Kamis Pahing tiba. Isuk nganthi awan sekitar jam pitu nyampek jam suwelas pundhene rame merga, warga Paseyan padha mituruti unine dhewe. Sawong biasane nggawa pithik panggang siji lan loro, ana wong sing nggawa wedhus. iku kabeh karek rejekine, yen sugih ya nggawa wedhus, yen sedherhana nggawa pithik panggang. Wong-wong sing nggawa pithik lan wedhus kuwi padha nduwe uni, contohe Pak Firman nduwe uni utawi nazar yen isa nyekolahke anake sampek perguruan tinggi Pak Firman bakal mbelih wedhus pas sedhekah bumi Paseyan ning pundhen.
Awan jam siji wayang kulite cakut bare nyampek jam lima sore. Pinurut adate yen warga Paseyan niliki pundhen utawi ndelok wayang kuwi bakal awet enom lan yen dhalange sadhurunge nglakokna wayange, dhalang kuwi kudu ndonga nang pundhene utawi niliki makame yen ora nang pundhene desa Paseyan bakal diguyur udan nyampek sore. Biasane dhalang sing nglakokna wayang kulit wayah awan kuwi dhalang sing murah, jarene dhalang sing larang wayah bengi, merga biasane warga-warga Paseyan lan warga nang desa liya ndeloke pas bengi mulane lak wayang pas bengi kuwi dispesialna, salah sawijine digaweke panggung anyar, dipasang LCD(layar tancep) kanggo warga-warga sing ndelok teka aduh merga gak kedhuman panggon lan nekakna bintang tamu(pelawak) nanging pelawake papan atas, mulane didharani spesial. Jam pitunan warga-warga padha nang pundhen, keliling-keliling lapangan ndelok-ndelok wong-wong padha dhodholan. Jam sanga wayange cakut. Sadhurunge wayang dilakokna, kades Paseyan sambutan-sambutan lan nyerahna wayang sing dhadhi lakone. Biasane sawise kades sambutan jarene warga ana sinar cilik saka makam pundhen. Wayang kulit wis dilakokna lan diiringi gamelan karo sindhen sing nembang. Jam rolas nganthi jam setengah loro wayahe hiburan, sing ngisi pelawak(bintang tamu), biasane diisi nglawak lan nembang-nembang sing lucu, supaya warga sing ndelok ben gak ngantuk. Sekitar jam papat wayange kukut. Sesoke lapangan lan pundhene akeh plastik-plastik sing klemprakan dibuwak sanggenahe dhewe karo warga sing tuku panganan ndhek bengi. Mesti sawise wayang kulite bar pundhene lan lapangane sepi, gak ana warga-warga sing tilik-tilik kajoba pengurus desa Paseyan.
SEDHEKAH BUMI NANG DESAKU
VIII-F COMMUNITY, Rabu, 14 April 2010
Label:
Frenky Bayu A
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Comments :
Posting Komentar