CAK TKN NYINGKRE, KANDANG WEDHUS LUWIH LUWUNG RUPANE

Karangane : Rama

Sekolahku wis apik, gedung-gedunge yo wis rampung olehe mbangun. Sadurunge iki, sekolahku bangunanane urung ditingkat lan kelas-kelase rata-rata isih mester durung kramikan. Kabeh iki hasile saka lomba Tuban Kinarya Nugraha pirang-pirang wulan kapungkur. SMPku oleh nomer loro lomba iki. Hadiahe sekitar 35 yuta. Nanging coba waspadhakno saiki, sekolahku pancen katon megah, tapi nek masalah kebersihan, miturutku isih perlu di ketati maneh kaya nek ana penilaian TKN mbiyen, tapi apa perlu kanggo ngresiki sekolahe dhewe kudu ana sing ngomandoni? Sawangane iku kurang perlu, nanging nek wis keblanjur kaya ngene kok malah gak ana sing ngopeni? Tempat sampah sing saiki wis akeh lan apik-apik, nanging jarang di manfaatke karo bocah-bocah sing nduweni sampah malahan panggonan sampah sing paling akeh ana ning kalenan, ngarep jedhing, ngisor bangku saben-saben kelas, glodhokan meja, lan pinggire tempat sampah, ora ning njerone. Wah-wah nek ngene carane luwih becik dianaake lomba TKN saben dina.
Tapi nek ana lomba TKN mbendina, gurune bisa-bisa mumet mikire. Masyo iku apik kanggo bocah, nanging sawangane isih kurang efektif amergo durung mesti kabeh bocah ngerti maksude guru. Dhisik aku kelas siji, kancaku sing nurut guru resik-resik mung sekitar cah 33 sing liyane nganggur ora ono prenggawean, lan padha kluyuran. Mbiyen jam-jam pelajaran akeh sing diganti karo pelajaran ngresiki kelas, nanging iku ana asile. Sekolahku dadi resik lan akeh tanduran-tanduran sing mancep ing lemah SMP 1 Jatirogo. Nanging saiki kenyataane tanduran-tanduran mau wis jarang diopeni. Lan kebersihan sekolah nek digawe grafik utawa digram yaiku meduuuuuun tenann!!!!!

Comments :

0 komentar to “CAK TKN NYINGKRE, KANDANG WEDHUS LUWIH LUWUNG RUPANE”

Posting Komentar