GUNUNG PURUNG

Dening : Winda Aprilia P

Gunung purung iku salah sawijine gunung sing unik. Manggone iku ana ing rong desa utawi pertengahan antarane Kedukuhan Lumutan, desa Sugihan lan Kedukuhan Purung, desa Sidomulya. Loro-lorone desa iku ana ing Kecamatan Jatirogo, Kabupaten Tuban Jawa Timur. Gunung Purung iku banget-banget durung kuwentar. Sebab manggone kurang tepak, banjur ing kiwa-tengene kuwi mung sawah kabeh. Dadine wong jarang ing gunung iku merga dalane jemek lan adoh karo ratan gedhe.
Gunung Purung iku mung disaba wong sekitar lan ora dimanfaatno kanggo tempat pariwisata kayata obyek-obyek wisata sing terus kebanjiran wong. Sakjane gunung iku hawane adem, angin silir-silir amerga wit-witane, gegodhonge isih ijo royo-royo lan lestari.
Yen kepengen singgah ing kono, ora usah ragu, amerga ana hal-hal sing umum, salah sawijine yaiku wong-wong ora usah kuwatir yen kepengen rekreasi soale ora ono kewan galak.
Keunikan Gunung Purung dibandingke gunung laine yaiku ing cedhake gunung Purung ono salah-sawijine kali. Sakdurunge arep mudun ing kali mesti hawane adem tenan, tapi banjur mudun hawane malah dadi anget sebape iku wong desa ngarani “Kali Anget”. Lan manut omongane wong, kali iku isa marikna penyakit gatel. Asal banyune iku saka jerone gunung sing wis bocor uga ngalir ing kali mulane banyune anget lan gunung Purung ora isa meletus. Jerone kali watara 1,5 meter yen posisine ora banjir. Banyune agung, klimpah-klimpah bening lan maya-maya. Mulane banyune kali katon nambahi asri lan endahing sesawangan ing gunung Purung.
Tapi munggane gunung purung wis didadekno tempat pariwisata, kudu didandani, sebabe yen durung didandani para pariwisata mesti kangelan munggah gunung purung utawa kudu lewat sing gampang yaiku sisih kidul pas etan. Gunung purung iku asline jenenge dijupuk saka keunikan-keunikan tempate yaiku ing dusun “purung”.

Comments :

0 komentar to “GUNUNG PURUNG”

Posting Komentar