Kaya Entuk Wangsit

Umur 15 tahun kuwi biyasane wayahe bocah seneng-seneng kanggo ngentekna wektu. Tapi mangsa iku ora dialami dening Murni. Dheweke nate susah lan bingung karo kedadean sing ngenani dheweke. Kedadean kuwi dialami Murni sekitar rong taunan. Saben dina, sawise mulih sekolah dheweke mung thengak-thenguk ning omah kaya wong linglung. Kayakke, dheweke ora pengin kaya kanca-kancane sing grudak-gruduk melu kegiatan sekolah. Semestine, kedadean kuwi ora dialami bocah sak umurane.

Awal mulane kedadean kuwi yaiku teka ngipi aneh sing bendina teka ning turune. Ngipi aneh kuwi kaya nyata lan ana terus ning pikirane Murni. Dheweke ngrasa, ning ngipine kuwi ana pesen penting kanggo dheweke.

Meh saben dina Murni tangi tengah wengi amarga ngipi aneh kuwi. Tapi Murni ora nduwe niat kanggo nyritakna ngipine iku mau marang wong liya. Dheweke mung angen-angen ning pikirane. Ning ngipine mau ana bayi lahir lan ibune sing isih lemes ning ndhuwur bayang rumah sakit. Nanging, ning pinggire ranjang kuwi akeh wong nangis ndrenginging. Dheweke bingung, apa artine ngipine kuwi, amarga biyasane yen ana bayi lahir kuwi kabeh padha seneng. Sing aneh, antarane ngipi siji karo liyane kuwi gegandhengan utawa nyambung isine. Tapi Murni ora percaya karo ngono–ngono kuwi. Apa maneh saiki jaman saya edan, ngipi utawa wangsit sing mbiyen dadi tren, saiki malah ora ana sing percaya.

Pirang–pirang dina sawise Murni ngalami kedadean kuwi, kanca–kancane padha kandha yen saiki tingkah lakune Murni berubah. Jarene, Murni dadi seneng ngelamun dhewe lan maleh dadi meneng, ora kaya biyasane sing akeh omonge. Ning sekolahan,dheweke uga jarang dolanan karo kanca – kanca liyane. Padhahal biyasane dheweke langsung dolan ning kelas liyane utawa perpus.

Amarga Murni ngrasa dheweke ora berubah, dheweke ora trima karo omongane kanca-kancane. Murni omong yen saiki dheweke seneng ning kelas amarga aras–arasen metu kelas. Tapi dheweke ngrasa yen kadhang–kadhang ngalami kedadean sing aneh. Ning salah sijine dina, Murni ngrasa kaya nduwe masalah gedhe sing ora ana titik temune. Sedina kepungkur, dheweke lungguh ngelamun ning ngarep jendela kamare. Ora mangan, ora ngombe, mung ngelamun wae nyawang langit. Ibune nganti bingung karo tingkah lakune anakke. Padhahal ning sekolahan lan ning omah Murni ora nganti nggawe perkara.

Sesuke, Murni ditanggap ibune. Nanging Murni ora eling apa–apa. Dheweke kandha yen dhek wingi turu sedina ning kamar.
“ kowe iki kenek apa toh ndhuk? Kok kaya bar kelebon setan.”
“ ibuk…...”
Murni sing maune ora percaya omongane kanca–kancane, saya suwe dadi rada percaya. Dheweke banjur njaluk tulung kanca–kancane kanggo nggoleki perubahan ning awake kuwi.

Sedina rong dina ora ana kabar. Nganti pirang–pirang sasi, lagi ana kabar saka kanca–kancane. Kanca–kancane padha dolan karo nggawa rekaman kegiatane Murni sekitar rong tahun iki. Murni banjur ndeleng rekaman kuwi siji – siji. Dheweke langsung kaget.

Murni ora percaya yen iku bener dheweke. Murni percaya yen dheweke dadi ngono mesthi ana sebabe. Mula iku, dheweke ngubung–ubungna masalah sing tau dialami semangsa iki. Murni eling, sing paling mungkin yaiku ngipine sing aneh kuwi. Murni banjur ngeling–eling ngipine mau. Amarga dheweke ngrasa yen pesen ning ngipi mau kanggo dheweke.

Isuk awan sore Murni ngeling–eling, nanging tetep ora kasil. Ora disangka–sangka, bengine Murni ngipi sing aneh meneh. Tapi ngipine ora kaya mbiyen, ora dipedhot-pedhot dadi pirang–pirang dina. Isuke, kaya bar entuk wangsit, Murni langsung nulis apa sing ana ning ngipine mau bengi. Ora ngerti tujuane apa, Murni banjur lunga menyang kantor pos ngirim tulisan sing lagi ditulis marang mbahe.

Nerima surat teka Murni, mbah kakung karo mbah putri langsung kaget. Ning batine, Murni kok weruh kabeh ceritane teka awal nganti akhir. Apa wong tuwane wis crita. Ning omah, Murni ngenteni balesan teka mbahe kuwi. Nanging ora ana tukang pos sing mampir. Amarga wis penasaran, Murni lunga menyang omahe mbahe. Tekan kana, mbahe padha kaget kabeh.
“ mbah, sakjane ngipiku iku piye leh? Apa ana hubungane karo aku? ”
“ ……..? ”
Mbahe Murni bingung arep ngomong apa. Mbahe ora nyangka yen Murni durung weruh sejatine. Padahal, ning surate ditulis lengkap. Mulai teka dheweke lahir sampek saiki melu budhene. Diceritakna banget teliti, tapi kok Murni ora weruh. Iku sing dibingungna mbahe. Apa maneh olehe entuk ngipi kuwi wis banget suwene. Mbahe ora tega ngandhani.

“ ndhuk,….”
“ ……………..”
“ sing ning nggone ngipimu kuwi,….ya awakmu dhewe ndhuk!”

“………krieettkh………”, Ibu karo bapak mbukak lawang omahe mbahe.
***

Comments :

0 komentar to “Kaya Entuk Wangsit”

Posting Komentar