Asal-usule Gunung Katong

Asal-usule Gunung Katong
Prei semesteran iki aku arep sowan ning omahe mbahku sing ana ning Solo. Omahe cedahak karo Gunung Gajah Mungkur sing terkenal kuwi. Jarene ning kana hawane seger banget, amerga isih akeh wit-witan sing urip lan gedhe-gedhe. Ditambahi maneh omahe mbah pas ana ing ngisore gunung. Aku dadi pengen cepet-cepet dolan mrana.
Sabtu sore aku pamitan karo ibuku lan budhal ning omahe mbahku diterna karo padheku sing arep bali ning Solo. Ning montor aku ngawasi lampu-lampu sing jejer-jejer turut dalan nganthi keturan. Ora krasa wis jam papat esuk, lan wis tekan ning omah gedhe saka kayu. Ning kana aku pthukan karo mbah sing wis tak kangeni. Aku seneng banget amerga ning kana dhulur-dhulurku padha nglumpuk. Niatku aku arep nginep ning Solo nganthi patang dhina.
Esuk, awan, sore aku dolanan karo kanca-kancaku sing omahe ora aduh saka omahe mbahku. Pas dhina kaping telu, aku lan kanca-kancaku dolan ana ning alas cedhake gunung. Jarene kancaku gunung sing ana ing tengahe alas kuwi ana sing nunggoni lan mbebayani. Nanging aku ora pecaya karo omongane kancaku, mikirku kanca-kancaku mau arep meden-medeni aku.
Bengine, aku ora bisa turu amerga aku mikirna sing diomongno kancaku mau sore. Amerga saking penasaranku, aku banjur nggugah embah lan njaluk nyritani mbah.
“Mbah. . .aku gak saget turu”
“Ana pa Di?”
“Aku wedhi karo critane kancaku mau sing jarene ning alas ana Setane”
“O, iku masalahe, Iku jenenge Gunung Katong, kene cung tak critani”
Si mbah mulai cerita lan aku mung ngrunakna karo lungguh.
Ndek jaman mbiyen ning alas katong ana ula sing anduweni endog pitu. Endoge mau diengkremi nanging sing netes mung enem dadhine sing siji ditinggal. Akhire pas ana longsor endog mau kebrekan watu ngathi pecah lan metu ulane. Nanging ula mau ora normal amerga ning wetenge ana watu sing dadhi gedhe mbarengi gedhene ula mau. Watu ning wetenge mau saya suwe saya gedhe lan nggawe ula mau ora bisa mlaku maneh. Dadine ula mau meneng wae ana ning tengah alas, yen ana kewan liwat ning dhuwure langsung disepak karo buntute banjur diuntal. Dadine ara ana kewan sing wani liwat ning alas iku.
Wis limang taun ula iku urip, nanging saya suwe ula iku katon lemes amerga gak kuwat nyangga watu sing ana ning wetenge. Akhire ula mau mati, nanging watu mau malah dadhi dhuwur lan amba kaya bumi sing modhot. Nganthi saiki ora ana wong sing wani liwat mrana, amerga wis wong 31 sing ora mbalik sawise liwat alas sing saiki dijenengi Alas Katong.
“Wis eroh leh saiki, makane nek dolan aja adoh-adoh lan sing ati-ati. Wis saiki ndang turu, jarene sesarep bali.”
“enggeh mbah”
Aku banjur mapan turu. Sesuke aku pamitan karo si mbah lan bali mara ning omah. Sawise tekan ngomah aku banjur nyritakake kabeh pengalamnku ning SOLO karo wong tuwaku. Iki preinan sing nyenengake lan medeni kanggo awakku dhewe

Comments :

0 komentar to “Asal-usule Gunung Katong”

Posting Komentar