Kanggo cah 8-f kabeh

Sadurunge pak Dadija njaluk sepura, mligine sing wis 'upload' tulisan abasa Jawa ning blog iki.

Critane mangkene.
Amerga nyatane kowe kabeh ketoke antusias nulis, lha tulisane ora mung ngaggo basa Jawa ning uga basa Indonesia, 'template' blogmu dakdandani supaya luwih rapi lan kepenak diwaca. Mula banjur daktambahi menu 'versi'. Ning menu 'versi' mau ana sub-menu INDONESIA lan JAWA. Kanggone nek ana sing arep nulis nganggo basa Indonesia, mlebuwa ning INDONESIA, banjur tulisanmu 'posting' ning kana. Seje maneh sing arep nulis nganggo basa Jawa, mlebuwa ning JAWA, tulisanmu 'posting' ning kana.

Amerga masalah teknis mau, tulisanmu kabeh kepeksa ilang. Nanging ora dadi apa. Ayo padha dibaleni maneh nulis. Saya akeh saya apik. Kepriye? Ayo dimulai.

Salam
Dadija Oetomo

Comments :

0 komentar to “Kanggo cah 8-f kabeh”

Posting Komentar