JOKO BODHO LUNGA
ING YOGYAKARTA
“Joko…..Joko, wis rampung aduse durung!”
“Durung Pakdhe, lha…cepet-cepet ana apa tha Pakdhe?”. Saking Pakdhe Darsono wis wanyel karo Joko Bodho, Pakdhe Darsono ora jawab pitakone Joko Bodho. Joko Bodho sing tenang-tenang kawit mau ora ngerti maksude Pakdhene kok deweke dokokon cepet-cepet aduse. Bubar adus Joko Bodho banjur nemoni Pakdhene sing tenguk-tenguk ana ngemper omah lagi jagongan karo Pak Burhan.
“Ana apa tha Pakdhe, kok sajake wong meh ketinggalan sepur wae tha Pakdhe?”. “Wo…alah…le..le..bocah paling lelet dhewe. Ana…..apa…ana…apa kawit dek mau. Lha kowe ora ngerti tha dina iki jarene arep menyang Malioboro tuku klambi anyar dienggo bagdan. Wis tak tunggu malah lelete….Masyaallah….paringana sabar!”. “Wo….iyo…yo..Pakdhe nuwun sewu aku lali tha Pakdhe!”. “Uwis gawe wong nunggu saiki njaluk duwit sewu karepmu iku apa tha le..!!!!”. “Pakdhe niki pripun tha aku iku njuluk pangapura boten nuwun duwit sewu!”. “Yo…wis…wis ayo padha mangkat silak ketinggalan sepur mengko!”.
Joko Bodho karo Pakdhene menyang stasiun Solo Balapan numpak sepur Paramex menyang stasiun sing cedhak kara Malioboro. Saben wong mbayar 10000 lagi enthuk karcis lan bias numpak sepur. Pakdhe Darsono ora duwe pilihan kudu mbayar karcise Joko Bodho amarga deweke ora ngawa duit amarga dikesusukake Pakdhene. Bubar entuk karcis Joko Bodho karo Pakdhene nungggu ana kursi. Ora ana sepuluh menit sepur sing arep menyang Yogya teka. Mbanjur Jaka Bodho lan Pakdhene numpak neng sepur, saking wakehe uwong Joko Bodho kara Pakdhene mlencar ana panggonan bedha.
Bubar enthuk panggonan Pakdhe Darsono lagi eling yen dheweke kelangan Joko Bodho. Banjur dheweke goleki Joko Bodho ana ing gerbong-gerbong sepur. Dheweke was-was yen Joko Bodho didhuke ana ing dalan amarga ora duwe karcis sepur, amarga karcis sepure digawa Pakdhene.
Bedha karo Jaka Bodho, dheweke malah enak-enakan turu semenden ana jendelane sepur bubar enthuk panggonan sing kepenak. Dheweke ora krasa yen dheweke pisah kara Pakdhene. Kernete wis njaluki karcis sepur, nanging Jaka Bodho tetep wae turu malah nganggo ngorok. Kernet sepur ngerti Joko Bodho durung mbayar, banjur nangekake Jaka Bodho. Jaka Bodho kaget, “Ana apa iki? Lagi kepenak turu malah diganggu!, wis…ngaliha kana aku arep turu maneh ngatuk, dhek wingi aku randha nganti bengi, aku isih ngantuk!”. “Wo..alah….mas-mas…njenengan niku dereng mbayar , pundhi karcis sepure?”. “Waduh………waduh… mas..mas karcise digawa kara Pak…dhe…..ku!” omonge Jaka Bodho Karo nduding kursi sebelahe, nangging sing neng sebelahe ora pakdhene nangging wong liya. “Pundhi mas Pakdhe jenengan, napa niki?”. “Mboten…mboten kula mboten Pakdhene mas niki, kula niku Mahasiswa ajeng sekolah menyak Yogya!!!”. “Nuwun sewu mas darakake njenengan niki Pakdhe kula?”. Raine Joka Bodho langsung abang branang amarga kisinan, mbanjur kernet sepur njaluk maneh karci sepure menyang Joko Bodho. Joko Bodho binggung piye carane mbayar karcis lha wong dheweke ora ngawa duwit. Joko Bodho karo kernete padha sesumbar sing ora jelas, nganti anggawe tontonane wong akeh.
Pakdhe Darsono ngerti wong rame-rame ana apa, banjur ditekano ana apa tha?. Mbareng wis chedak dheweke ngerti yen bocah gedhe duwur iku ponakane Joko Bodho. Mbanjur dheweke nekani lan ngomong apa tha masalahe nganti polahe ponakane kuwi ngawe tontona sak sepur. “Iki ana apa tha?”. “Allhamdullilah Pakdhe tasih urip tha?”. “Bocah ora ngerti aturan, aku dikirane wis mati, yo..wis tak tinggal maneh wae!”. “Ampun…ampun Pakdhe kula mboten ngomong niki maleh”. “Yo….wis ana apa iki padha rame-rame neng kene?”. “Ngenten lho pakdhe kernet niki nyuwun karcis kalih kula, lha kula khan mboten gadah karcisipun Pakdhe”. “Yo wis iki mas karcise aku karo ponakanku”. “Nggih pak matur nuwun”.
Mung siji setengah jam wae sepure wis tekan ana stasiun cedhak karo Malioboro. Joko Bodho karo Pakdhene banjur mudhuk lan mlaku ara ana 500 meter wis teka ana Malioboro.
Teka Malioboro Joko Bodho ndelok-ndelok klambi ana ing toko lan eperane toko akeh sing dodolan klambi apik-apik. Joko Bodho kepincut karo klambi batik motif kembang dicampur manuk merak warnane ijo rada biru. Dheweke mbajur ngamong Pakdhene yen dheweke kepingin klambi kuwi.
“Pakdhe kula nuwun klambi niku nggih”. “Yo wis ndang cepet dibungkus silak kesoren, kowe yo during tuku kathok karo sepatu sandal dienggo solat id tho?”. “Inggih Pakdhe, njenengan niku moten pelit-pelit sanget”. “Dadi aku kudu mbayari klambi, kathok, karo sepatu sandalmu. Masyaallah… nuwun sabar ngadepi bocah koyo ngene”. “Yo….iya..thak mbayari neng mengko tekan ngomah duwitku diganti ya?”. “Inggih Pakdhe pasti niku”.
Bubar Joko Bodho rampung blanja keperluane, mbanjur pakdhene ngajak mangan ana restoran padang. Neng kono Joko Bodho mangan akeh banget saking kekeselen blanja menyang Malioboro. Telung piring Jaka Bodho enthek mangan, Pakdhene mbatin rugi tenan yen ngajak Joko Bodho lunga. Pakdhene ngumun blanja lan mangane Jaa Bodho wis enthek wolungatusewu. Pakdhene kapok-kapok tenek aro arep ngajak lunga Joko Bodho maneh. Pokokke kapok…kapok tenan, pantesan wae bapak ibune njenengi anake Joko Bodho, lha uwonge koyo kebo sawah ngendulak-ngenduluk.
DENING= ENDAH TRI W.
JOKO BODHO LUNGA ING YOGYAKARTA
VIII-F COMMUNITY, Sabtu, 24 April 2010Asal-usule Gunung Katong
VIII-F COMMUNITY, Rabu, 21 April 2010Asal-usule Gunung Katong
Prei semesteran iki aku arep sowan ning omahe mbahku sing ana ning Solo. Omahe cedahak karo Gunung Gajah Mungkur sing terkenal kuwi. Jarene ning kana hawane seger banget, amerga isih akeh wit-witan sing urip lan gedhe-gedhe. Ditambahi maneh omahe mbah pas ana ing ngisore gunung. Aku dadi pengen cepet-cepet dolan mrana.
Sabtu sore aku pamitan karo ibuku lan budhal ning omahe mbahku diterna karo padheku sing arep bali ning Solo. Ning montor aku ngawasi lampu-lampu sing jejer-jejer turut dalan nganthi keturan. Ora krasa wis jam papat esuk, lan wis tekan ning omah gedhe saka kayu. Ning kana aku pthukan karo mbah sing wis tak kangeni. Aku seneng banget amerga ning kana dhulur-dhulurku padha nglumpuk. Niatku aku arep nginep ning Solo nganthi patang dhina.
Esuk, awan, sore aku dolanan karo kanca-kancaku sing omahe ora aduh saka omahe mbahku. Pas dhina kaping telu, aku lan kanca-kancaku dolan ana ning alas cedhake gunung. Jarene kancaku gunung sing ana ing tengahe alas kuwi ana sing nunggoni lan mbebayani. Nanging aku ora pecaya karo omongane kancaku, mikirku kanca-kancaku mau arep meden-medeni aku.
Bengine, aku ora bisa turu amerga aku mikirna sing diomongno kancaku mau sore. Amerga saking penasaranku, aku banjur nggugah embah lan njaluk nyritani mbah.
“Mbah. . .aku gak saget turu”
“Ana pa Di?”
“Aku wedhi karo critane kancaku mau sing jarene ning alas ana Setane”
“O, iku masalahe, Iku jenenge Gunung Katong, kene cung tak critani”
Si mbah mulai cerita lan aku mung ngrunakna karo lungguh.
Ndek jaman mbiyen ning alas katong ana ula sing anduweni endog pitu. Endoge mau diengkremi nanging sing netes mung enem dadhine sing siji ditinggal. Akhire pas ana longsor endog mau kebrekan watu ngathi pecah lan metu ulane. Nanging ula mau ora normal amerga ning wetenge ana watu sing dadhi gedhe mbarengi gedhene ula mau. Watu ning wetenge mau saya suwe saya gedhe lan nggawe ula mau ora bisa mlaku maneh. Dadine ula mau meneng wae ana ning tengah alas, yen ana kewan liwat ning dhuwure langsung disepak karo buntute banjur diuntal. Dadine ara ana kewan sing wani liwat ning alas iku.
Wis limang taun ula iku urip, nanging saya suwe ula iku katon lemes amerga gak kuwat nyangga watu sing ana ning wetenge. Akhire ula mau mati, nanging watu mau malah dadhi dhuwur lan amba kaya bumi sing modhot. Nganthi saiki ora ana wong sing wani liwat mrana, amerga wis wong 31 sing ora mbalik sawise liwat alas sing saiki dijenengi Alas Katong.
“Wis eroh leh saiki, makane nek dolan aja adoh-adoh lan sing ati-ati. Wis saiki ndang turu, jarene sesarep bali.”
“enggeh mbah”
Aku banjur mapan turu. Sesuke aku pamitan karo si mbah lan bali mara ning omah. Sawise tekan ngomah aku banjur nyritakake kabeh pengalamnku ning SOLO karo wong tuwaku. Iki preinan sing nyenengake lan medeni kanggo awakku dhewe
Wah jiaaaan njengkelna buangeeet !
VIII-F COMMUNITY, Selasa, 20 April 2010(Dadija Oetomo)
Nek kewan mono, dikandhani ping sepuluh wae aku maklum nek ora digagas. Kewan pancen ora duwe akal. Ning nek menungsa, kudune nek nganti bola-bali diomongi nanging ora digugu blas.... jan keblacut. Terus, apa bedane karo kewan ?
Aku jan jengkel banget karo anakku. Anakku jan angel kandhanane. Jiann nduuaableg. Nyidham apa biyen ibune nalika mbobot. Aja-aja biyen ibune (ya bojoku) nyidham mangan umbel. Lha wong nyidham wae kok nyidham umbel. Lha nek ngono tenan, ya pantes nek anakku lair bodho. Ah... kok nglantur.
Perkarane mangkene. Dheweke diwenehi tugas gurune supaya blajar nulis. Nulis apa bae. Isa crita, isa pengalaman, utawa nulis laporan. Wis pirang-pirang dina anakku nggethu nulis. Ketoke dhewekke nulis crita cekak. Amarga wis pirang-pirang dina anggone nulis, aku mbayangna mesthi tulisane akeh. Paling gak, ana nek mung rong lembar wae.
Nanging iba kagetku, nalika dakdeleng hasile, .... Wah tulisane .... Ueeelek banget. Hasile sithik tur tulisane akeh sing salah. Nulis pancen ora gampang. Nanging nek mung nulis sing bener kaya aturan, apa angele? Apa maneh wis bola-bali diwarahi.
"Nulis mara ki ra nganggo 'o' cuuung," aku nganti mbengok banter nalika marahi anakku.
Nanging nyatane anakku ora nggape blas. Saben-saben nulis 'mara' mesthi ditulis 'moro'. Nulis 'ana' ditulis 'ono', lan sapinunggalane. Ya... wis ra papa. Sing penting gelem nulis. Nulis crita, utawa nulis apa wae. Anakku endhak-endhake ndandani tulisane maneh. Wah ya muangkelke maneh. Wis critane mung kaya rangkuman, tulisane isih tetep uaaaakeh sing salah.
"Ya Allah Gustiiiii, paringana sabaaar, sugiiiiih, lan liya-liyane," grememengku nalika maca tulisane anakku.
Ya wis. Tetep dakmaklumi. Wong pancen bocah. Ning nek aku eling, manawa dheweke kuwi wis kelas loro SMP, atiku mangkel maneh. Kelas loro SMP mesthine rak wis cukup pinter nek mung nulis crita utawa nulis pengalamane dhewe ngono wae. Ning kena apa tulisane anakku kok ra nggadheg? Wah ngelu sirahku.
Apa maneh anakku jare klebu ning kelas unggulan, sing jare wali kelase, klebu bocah-bocah hebat, bocah-bocah pilihan. Lho.... lha liyane banjur kepriye nek tulisane bocah pilihan wae kaya ngene dhapure? Gek-gek gurune sing mulang nulis, ora isa nulis. Wah lha nek ngono, apa gunane 'kelas unggulan'? Utawa, gek gek anakku klebu bocah bodho sing mung ra sengaja katut ning kelas unggulan?
Dakwaca maneh tulisane anakku. Gek-gek aku sing salah maca. Ah... ya ora. Pancen tulisane gak jluntrung. Tulisane akeh sing salah, critane mung kaya rangkuman, tur basane GTB - gak tepak blasss.
"Cuuung.... ! Reneya...!", aku mbengoki anakku.
"Apa paaak!" jawabe anakku.
Aku njomblak krungu saurane anakku. Lha kok 'apa' ki, apa ning sekolahane ra tau diwarahi basa? Karo bapake kudune rak "kula pak" toh "dalem pak". Ora kok "apa pak" ngono kuwi. Wah jan njengkelna banget. Ning atika daktata maneh. Ora papa, wong jenenge isih bocah.
Bareng anakku wis cedhak aku, banjur dak duduhna tulisane. Dak duduhna nek tulisane akeh sing salah. Iki salah, iku salah. Salahe ning kene, benere mangkene. Liyane kuwi dakkandhani nek critane jane apik, ning olehe crita wae sing kurang apik. Critane kurang jelas, merga kur dirangkum. Dheweke manthuk-manthuk sajak paham banget karo apa sing dakomongake.
"Dandani maneh ya cung !" kandhaku sareh.
"Nggiiih pak ", jawabe nyenengake atiku.
Gang sesuke, dakdeleng maneh tulisane anakku sing jarene sanggup arep didandani. Jarene ya wis didandani. Nanging, endi sing didandani? Kok isih pancet, salah kabeh?
Waaah...... suueeeetressssss aku. Pateni wae cuuuung bapaaakkk !
(Selain ini coba baca tulisan di halaman Bahasa Indonesia)
Nyesel Ing Ngguri kuwi Ora ana Kanggone
VIII-F COMMUNITY, Jumat, 16 April 2010Arum tambah gedhe, tapi kelakuane karo wongtuwane tambah ora apik, Arum wis wani mbentak-mbentak wongtuwane yen kapinginane ora dituruti.
Ing dina iku Arum njaluk montor karo bapak’e Yanto, tapi bapak’e ora nduwe duwik pekara kapinginane ora dituruti Arum ngamuk-ngamuk, dheweke iri karo kanca-kancane sing budhal sekolah numpak montor utawa sepedha montor, tapi dheweke budhal numpak sepedha onthel.
Arum ngamuk-ngamuk karo bapak’e tapi bapak’e meneng wae amerga banget sayange karo Arum.Gak suwe teka ibune Arum ya iku Rumi “Ana apa toh iki cah ayu bapakmu kok kowe seneni?” takon ibuk’e, “iki buk bapak ora gelem mundhutake aku montor,aku pingin montor, supaya ora isin karo kanca-kancaku” kandane Arum karo ibuk’e “Bapakmu iku gelem mundhutake kowe, tapi bapakmu lagi ora dhuwe duwik,, dadi bapakmu ora bisa mundhutake montor kanggo kowe cah ayu” jawab ibuk’e, “halaaah ibu karo bapak padha wae medhit” Jarene Arum ketus, karo nyurung ibuk’e nganti tiba.
Arum langsung metu saka omah karo ngamuk-ngamuk lan miso-miso, gak suwe Arum krungu swara bledhek buaaanter bannget, menawa iku tanda yen Arum kudhu nyuwun sepura karo wongtuwane, tapi Arum ora cepet-cepet nyuwun sepura, Arum ora gelem nyuwun sepura karo bak lan ibuk’e, ora njarak Arum pethuk karo kancane, pas Arum pengen nyapa kancane, dheweke dadi ora bisa ngomong.
Arum akhire lagek sadar lan nyesel atas kelakuane dheweke, dheweke nyuwun sepura tapi tetep dheweke ora bisa ngomong Saumur uripe.
Kedadean wedal enjeng.
VIII-F COMMUNITY,Kacarita salah sawijining kaluwarga alit kang sarana tebih saking keramaiyan padangipun kutha , ing sawijining padesan tebih saking swantenipun mesin lan mardi ageng kang wonten namung mardi alit, kang namung saget kalampahi kulawa suku kekalih kasebut “ Mojolali ” nggih niku nami dusun ingkang kula griosaken, dhateng mriki kawula dipun lahiraken 15 warsa kepengker, dhateng dusun alit mriki sepindah kula gesang sesarengan bapak lan ibu kula.
Dusun ingkang kula panggeni tebih saking dusun-dusun tetanggi, mbetahaken wedal setunggal ngantos kaleh jam yen kula badhe sowan dhateng sedeler dusun tetanggi, Mojolali manggen wonten lerengipun arga ageng, Kabupaten Bandung Selatan.
Dusun–dusun tetanggi kerep kengeng bencana nanging alhamdulillah dusun Mojolali dereng nathe kengeng bencana, amargi panggenipun radhi inggil, amargi niku sepindah dusun kula dereng wonten sekolah, nila menika kula mboten sekolah amargi saking tebihipun sekolah.
Saben enjing kula sabiantu bapak dhateng sabin kaliyan ngaterake sarapan lan unjukan wedang kangge sarapan, dumugi siang gantos ibu ingkang ngasto kiriman kangge dhaharipun bapak, ajeng wangsulipun sareng ibu.
Wedal wangsulipun bapak, ibu dhateng wingking ndhamel unjukan, bhakdo meniku sasampunipun bapak siram, sareng–sareng sholat maghrib jama’ah. Sasampunipun sholat maghrib bapak, ibu, lan kula kumpul-kumpul sareng, geguyon, lan kacarita ngantos jam 20.00. Bhakdo meniku bapak lan ibu sare, kula taksih dhateng ngajengipun griya, ningali kahanan-kahanan kang wonten ing pethengipun wengi, kula pikiraken “ Pancen bener kahanan ing deso meniku beda sanget kaleh kahanan ing kutha ”........Eeee ndadalah angin ageng nyamber salira kula, brrrrrrrr...................salira kula rasanipun adem, kula mlebet griya lan kula pinarak dhateng kasur, salira kula kaget amargi wonten swanten ageng kang ngagetake kula, nanging mboten kula peduliaken.
Jam 05.00 wedal kula tangi, kula tingali kahanan ing ngajengipun kula, Massa allah............. kula kaget ningali griya kula risak kengeng gempa, terase tetanggi kawula.
“Bapak lan ibu dhateng ngapundi ?"
"Bapak lan ibumu ana ing griyane P. Darmin....” kula tindak dhateng griyaipun P. Darmin, dhateng mriku kula ngaweruhi bapak lan ibu sare, saliraipun babak kengeng gempa, nanging kula tumrap ngucapaken syukur dening gusti kang maha kuasa, kula, bapak, lan ibu taksih diparingake keselametan.
GENDERUWO BESOWO
VIII-F COMMUNITY, Rabu, 14 April 2010GENDERUWO BESOWO
Salah siji desa ing kecamatan Jatirogo, yaiku desa Besowo. Jare warga desa liya, desa iki terkenal paling akeh genderuwone lan ketepeng regese. Menurut warga desa Besowo sing tau ngerti wujude genderuwo, genderuwo iku rambute ireng lan dhawa, matane abang, kukune dhawa, awake lan sirahe ireng kabeh.
Iki salah sijine cerita tentang muncule genderuwo. Jarene sesepah-sesepah ing desa Besowo, genderuwo iku paling akeh muncul pas malem Jum’at kliwon. Biyen ana warga desa Besowo sing tau weruh wujude genderuwo. Warga iku namine Pak Karmuji lan Pak Jatmiko. Deweke saben bengi senengane nyuluh Jangkrik ing tegal-tegal.
Ketepakan malem Jum’at kliwon, Pak Karmuji lan Pak Jatmiko malah nyuluh Jangkrik ing tegal Dangan. Tegal Dangan iku, tegal sing terkenal paling angker ing desa Besowo. Wayah iku langit mendhung peteng lan ketoke ape udan dheres. Tapi Pak Karmuji lan Pak Jatmiko malah enak-enakan omomg-omongan sambi nyuluh Jangkrik. Pas dheweke leren omong-omongan ing ngisor wit Pelem, idhep-idhep Pak Karmuji krungu Jangkrik ngerik banter………… kriiiiiiiik………… kriiiiiiiik………… kriiiiiiiik…………
“Kar……. Karmuji……… lampune gawa, enek Jangkrik” perintahe Pak Jatmiko.
“Iya….. sik enteni” jawabe Pak Karmuji.
Pak Karmuji lan Pak Jatmiko langsung nggoleki Jangkrik iku. Pas Pak Karmuji nyuluhi Jangkrik. Idhep-idhep weruh ireng-ireng ngadek ing ngisor wit Kelapa.
“Jat……. Ireng-ireng iku apa? Kuwe weruh apa ora?“ takone Pak Karmuji.
“Ireng-ireng apa? Gak eroh aku” jawabe Pak Jatmiko.
“Jajal ayo cedaki?” perintahe Pak Karmuji.
Pas Pak Karmuji lan Pak Jatmiko nyedhaki ireng-ireng kuwi, idhep-idhep ireng-ireng kuwi obah lan mlengak. Pak Karmuji lan Pak Jatmiko kaget……. Ireng-ireng iku mau genderuwo. Pak Karmuji lan Pak Jatmiko lansung mlayu ngecibleng .
Pas Pak Karmuji lan Pak Jatmiko mlayu, dheweke lali dhalane, amerga campur gugup lan kaget. Pas dheweke mlayu banter , idhep-idhep keblowok ing ngisor galeng………..kroooosaaaak…….Pak Karmuji lan Pak Jatmiko semaput.
Isuke warga-warga lan keluwargane padha nggoleki Pak Karmuji lan Pak Jatmiko. Kawit isuk warga lan keluwargane durung nemokno Pak Karmuji -+lan Pak Jatmiko. Wis jam 12 awan warga uga durung nemokno Pak Karmuji lan Pak Jatmiko. Pas warga-warga iku leren, idhep-idhep salah siji warga krungu suwara ………krooosaaak…krooosaaak….warga-warga langsung padha nggoleki suwara iku.
Pas warga-warga mudhun saka galeng, idhep-idhep ana sing celuk-celuk …….tuuuuloooong…..tuuulooong. Warga langsung nggoleki suwara iku, pas warga wis nemokno suwara iku, para warga kaget amerga sing muni tulong-tulong iku mau Pak Karmuji lan Pak Jatmiko. Warga langsung nggawa mulih Pak Karmuji lan Pak Jatmiko. Langsung Pak Karmuji lan Pak Jatmiko digawa ing puskesmas.
SEDHEKAH BUMI NANG DESAKU
VIII-F COMMUNITY,Wayah panen iku sing dienten-enteni warga Paseyan, merga sawise panen kuwi desa Paseyan nanggap wayang kulit kanggo sedhekah bumi. Biasane wulan Mei digawe sedhekah bumine, nanging kadhang-kadhang wayah panenne gak mesti dhadhi wulan April utawi Juni, luwih tepate sawise panen, Kamis Pahing. Warga Paseyan wajib nyumbang dhuit kanggo perlengkapan sedhekah bumi, keluwarga sedherhana nyumbang Rp 3000,- sing sugih wajib nyumbang sandhuwure Rp 7000,-.
Seminggu setengah sadhurunge sedhekah bumi, pengurus desa Paseyan ngadhake lomba volly, jambeyan, masang umbul-umbul, lan lia-liane. Lomba volly kanggo antar RT jam telu tandhinge, diselingi musik teka sponsor rokok djarum dhadhi suwasanane rame banget. Jambeyan dilaksanakna sedhina sadhurunge wayang kulite, jambeyane kuwi antar RT sisan, diselingi orgen tunggal teka sponsor indosat, lan lia-liane. Suwasanane dhadhi heboh, endhak-endhake kayak ngrebutna barang sing mewah. Sawise jambeyan bar ditanggapke barongan teka desa Paseyan dhewe, lha malem sedhekah bumi sponsor-sponsor nyumbang orgen tunggal lan penyanyi-penyanyi sing top.
Kamis Pahing tiba. Isuk nganthi awan sekitar jam pitu nyampek jam suwelas pundhene rame merga, warga Paseyan padha mituruti unine dhewe. Sawong biasane nggawa pithik panggang siji lan loro, ana wong sing nggawa wedhus. iku kabeh karek rejekine, yen sugih ya nggawa wedhus, yen sedherhana nggawa pithik panggang. Wong-wong sing nggawa pithik lan wedhus kuwi padha nduwe uni, contohe Pak Firman nduwe uni utawi nazar yen isa nyekolahke anake sampek perguruan tinggi Pak Firman bakal mbelih wedhus pas sedhekah bumi Paseyan ning pundhen.
Awan jam siji wayang kulite cakut bare nyampek jam lima sore. Pinurut adate yen warga Paseyan niliki pundhen utawi ndelok wayang kuwi bakal awet enom lan yen dhalange sadhurunge nglakokna wayange, dhalang kuwi kudu ndonga nang pundhene utawi niliki makame yen ora nang pundhene desa Paseyan bakal diguyur udan nyampek sore. Biasane dhalang sing nglakokna wayang kulit wayah awan kuwi dhalang sing murah, jarene dhalang sing larang wayah bengi, merga biasane warga-warga Paseyan lan warga nang desa liya ndeloke pas bengi mulane lak wayang pas bengi kuwi dispesialna, salah sawijine digaweke panggung anyar, dipasang LCD(layar tancep) kanggo warga-warga sing ndelok teka aduh merga gak kedhuman panggon lan nekakna bintang tamu(pelawak) nanging pelawake papan atas, mulane didharani spesial. Jam pitunan warga-warga padha nang pundhen, keliling-keliling lapangan ndelok-ndelok wong-wong padha dhodholan. Jam sanga wayange cakut. Sadhurunge wayang dilakokna, kades Paseyan sambutan-sambutan lan nyerahna wayang sing dhadhi lakone. Biasane sawise kades sambutan jarene warga ana sinar cilik saka makam pundhen. Wayang kulit wis dilakokna lan diiringi gamelan karo sindhen sing nembang. Jam rolas nganthi jam setengah loro wayahe hiburan, sing ngisi pelawak(bintang tamu), biasane diisi nglawak lan nembang-nembang sing lucu, supaya warga sing ndelok ben gak ngantuk. Sekitar jam papat wayange kukut. Sesoke lapangan lan pundhene akeh plastik-plastik sing klemprakan dibuwak sanggenahe dhewe karo warga sing tuku panganan ndhek bengi. Mesti sawise wayang kulite bar pundhene lan lapangane sepi, gak ana warga-warga sing tilik-tilik kajoba pengurus desa Paseyan.
Wektu
VIII-F COMMUNITY,Jenengku Lastri, Aku cah wedok biasa sing urip ning salah sijine desa ning Tanah Jawa Timur, Tepate ning desa Kebon sari Kabupaten Tuban. Aku mung bocah wedok biasa sing pengen njajal abstraksi ndonya, nerjang ganase ombak, lan mikul watu-watu panguripan mung kanggo nggoleki jati diri ku. Hah, 18 taun wayah sing pas kanggo mulai kabeh iki. Iki pancen ora perkara penting, tapi njajal mangerteni satitik kisah urip ku iki.
Urip karo wong tua, sing rina wengi pijer tukaran kaya kucing karo tikus, mesti ora nyenengna. Saben dina mesti krungu lambe pateng saut–sautan, lan rengekkan radio busem ning kamare simbah wis dadi salah sijine bagian urip ku. Aku mung bocah wedok biasa, ora bisa papa, ndeleng ana wong wedok sing wis loro-loronen kang terintimidasi ning kono. Pengen rasane aku ngepruk wong lanang bringas sing ora liya yaiku Bapak ku dhewe.
“ Dhuk, ndang sarapan, iku ning mejo ana sambel karo endog”, tak delok ning meja mung ana endog loro, nek tak pangan mengko simbah karo si mbok mangan apa? Aku ora mungkin tega ndelok simbah karo simbok keleson, senajan aku weruh yen si mbok kudu mangan ndisik sak durunge ngombe obat saka Pak mantri sing kari sak ombenan. Aku dhewe bingung kudu nggolek dhuwit nang ngendi maneh kanggo tuku obate si mbok. Miris ati iki ndelok si mbok loro-loronen, jarene Pak mantri si mbok kenek penyakit organ njero.
“ Iki bakalan dadi dino kang dhawa, ya… Lu”, jalu kuwi pitik ingon-ingonanku, sing angger isuk kluruk nangekna aku. Jam enem pas aku budhal sekolah. Sekolahan ku pancen ora sekolahan gedhe. Gedunge ya sederhana, tapi ning kono aku bisa sinau apa iku matematika, apa iku Bahasa Indonesia, lan apa iku sejarah.
Aku emoh nyiak-nyiakna perjuangane si mbok nyekolahna aku. Kluwargaku mung kluwarga sederhana, urip ya pas-pasan, isa nyekolahna aku sampek SMA iki wae wis ngoyo tenan.
Mulih sekolah, nak pas mulih sore aku langsung ngrewangi si mbok nyiapna mangan kanggo bapak. Amerga yen si mbok kesuwen sithik nyiapna mangan mesti bapak muring-muring ra ontro. Sak wise kabeh siap aku mangan bereng karo si mbok, si mbah, lan bapak. Saiki bapak wis jarang mulih, mbuh nang ngendi parake. Ora tega rasane aku ngawasi si mbok, mangan wae sampek gobyos keringeten amargo nahan lara. Aku wes dhuwe tekat, aku kudu bisa nggolek dhuwit sing akeh kanggo nggawa si mbok nang rumah sakit.
Angger sekolah mulih isih awan, biasane aku gak langsung mulih, aku mampir dhisik ning warunge mbak surti, ngrewangi umbah-umbah piring, kadang ya ngrewangi tanggaku tandur, pokoke kabeh prenggawean sing kira-kira bisa tak lakoni ya tak lakoni. Dhuwite tak klumpukna kanggo tuku obate si mbok, sisane tak tabung kanggo nggawa si mbok ning rumah sakit. Bapak ora tau nakokna keadaane si mbok, apa meneh titip dhuwit kanggo tuku obate si mbok. Angger mulih, awak ku rasane remek kabeh. Tapi tetep tak sempat-sempatno mbukak buku lan sinau. Amarga Ebtanas ya wis cedhak.
Ebtanas wis bar, UAS ya wis bar. Aku karek ngenteni metune danem. Atiku rasane dhuk-dhuk plas. Jum’at, sekitar jam wolu, danem wis metu, pancen danem gak ngarah ana pengaruhe kanggo uripku sok emben, tapi aku tetep pengen ngukir kebanggaan ning dadane wong tuaku, amarga anake bisa oleh danem apik. Mung ngimpi yen aku sampek dhuwe pikiran ape nglajutna sekolah. Wong bento wae bakal ngguyu aku yen sampek krungu aku dhuwe kekarepan pengen nglajutna sekolah. Lamunanku sak kala buyar, bareng ngerti bocah pada gemruduk mara ruang guru. Ndadake daneme wis metu, aku ndesek-desekan bareng bocah-bocah liya, bareng tak delok, ndadake danemku masuk peringkat telu sak SMA ku, rasane atiku seneng banget, awakku lemes, amarga sangking senenge. Aku langsung mlayu mulih, si mbok lan si mbah mesti seneng krungu warta iki.
Pas aku tok omah, ya allah, si mbok semaput ning pawon, aku langsung berok-berok nyeluk si mbah, “ mbah….mbah….simbok semaput, mbah!!!!”, si mbah langsung mlayu marani aku. Sak kala, aku langsung mlayu mara ning omahe Pak mantri. Si mbah di rewangi tanggaku nggendong si mbok mara ning kamar. Dhawuhe Pak mantri, si mbok penyakite saya parah. Kudu nang gage di gawa ning rumah sakit. Tapi apa sing tak nggo ngawa simbok rono. Aku ora gablek papa.
Bengi iki sepi banget, sekitar jam setengah pitu, ana wong ngedor-ngedor lawang omahku. Ndadake mbak Lisa, mbak lisa kuwi tanggaku sing lagi teko saka Kalimantan. Ndekne merantau kanggo golek kerja ning kono lan sakiki dadi pelayan lestoran. Aku di tari melu kerja ning kana. Aku bingung, tapi kayake wis gak ana pilihan maneh, si mbok wae panyakite saya parah. Nak si mbah jarene sak karep ku wae. Tekatku wes mantep aku alok melu mbak lisa wae.
Isuke, jam 6 isuk, aku budal nyang Kalimantan bareng mbak lisa. Perjalanan kira-kira 5 dina, rada suwi marga aku numpak kapal laut. Sak wise tok kalimantan, aku njujug ning kos-kosane mbak lisa. Esuke aku wis bisa mulai kerja. Awal-awale aku pijer ileng si mbah lan si mbok terus.
Dina wis ganti, ulan yo wis ganti, gak krasa wis 3 ulan aku ning kene, saiki bayaranku wis lumayan, wis isa tak tabung. Paling ora 3 ulan maneh, aku lagek isa mulih.
Iki waktu sing tepat kango aku muleh, dhuwit tabunganku wis lumayan akeh. Rasane aku wis kuangen karo si mbok lan si mbah. Sekitar jam wolu isuk aku mara nang pelabuhan. Mulih numpak kapal laut maneh.
Aku wis tok ngarepe omah, gak ana sing maleh, kabeh iseh kaya biyen pas aku budhal. Aku mlebu omah, “ Mbok,…mbok …..aku mulih mbok…..mbok”, tapi gak ana sing nyauri. Aku mara mengguri, ning kana ana si mbah lagi njongok dhewean. “ mbah, simbok ning ngendi??? Kok gak ana”, “ nduk, kowe mulih, nduk, mbah, kuangen, nduk”, “ nggeh mbah, si mbok ning ngendi mbah?”, “ nduk, gek nane, si mbokmu semaput, terus tak gawa ning Pak mantrI, jarene si mbokmu wis kritis banget, si mbokmu emoh di gawa ning rumah sakit, jarene ape ngenteni kowe nduk, , , , sampek akhire si mbok mu ora ana”, “ ya allah, rasane atiku ajur”. Si mbah banjur nggowo aku ning kuburane si mbok, , , ning kana ana wong lanang, sing ketoke aku kenal, nangis ning kuburane simbok, iyow, aku kenal wong iku, iku…………… BERSAMBUNG…..
Bengi Ning Desa Sing Terpencil
VIII-F COMMUNITY,Bengi Ning Desa Sing Terpencil
Oleh : pungki nilam sari
Ning bengi sing sepi, angin semilir mbarengi anyepe wengi
Ora ana lampu
Mung mbulan sing nerangi dhonyo iki
Sing krungu, suara jangkrik, suara kodok
Wayahe manungsa leren
Saka kegiatan sing dhek sambut
Wayahe lare-lare cilik
Pada sinau ngerjakna tugas sekolahe
Ora ana lampu sing nerangi manungsa turu
Ora ana lampu sing nerangi lare sinau
Ning desa terpencil mung ana uplik cilik sing nerangi omah-omah cilik kuwi
Apa ogak sa’ake ning desa terpencil ora ana lampu sing mekan
Sayange ora ana manungsa sing peduli karo desa sing terpencil iku mau
PREINAN MENYANG JOGJAKARTA
VIII-F COMMUNITY, Selasa, 13 April 2010SAKING : SITI ANIMAH
Preinan semester wis teka. Lala, Pia, lan Fifi gawe rencana preinan ning Jogjakarta. Lala sing anake wong sugih, muni lak sing bayari ning Jogjakarta iku wong tuane.
Dina sing dienten-enteni wis teka. Pia lan Fifi wis ngenteni Lala suwik. Akhire Lala teko karo keluargane.
Sawise ing Jogjakarta, Pia sing seneng tuku-tuku, langsung mblanyu menyang bakol klambi sing nampang ning pinggir-pinggir ratan. Mergo Pia ora ngerti Jogjakarta, Pia bingung lan ilang. Fifi, Lala lan kelurgane Lala goleki Pia, sampek-sampek bapake Lala lapor ning kantor polisi.
Telung jam Lala, Fifi lan keluargane Lala ngenteni kabare Pia. Akhire Pia teka karo polisi lan Pia nangis. Pia diseneni karo Lala lan Fifi mergo gawe kuatir. Pengalaman iku dadi pelajaran kanggo Pia.
KANCA
VIII-F COMMUNITY,KANCA
Wengi iki langit katon padhamg
Akeh lintang padha sumebyar
Gebyar ing cahaya rembulan
Ngancani sukma sing kesusahan
Bak langit nibani raga
Ati iki rasa lara
Lara, lara.......
Ngerelakna awakmu
Kanca sing wenehi semangat ning uripku
Saiki ilang ra bakal ketemu
Ngguyumu, mrengutmu, lan sedehmu
Kanthi keliling mubengi ngipiku
Kawit cilik nganti gadhe awakmu terus
Ngancani, lan wenehi padhang ning uripku
Becik atimu bakal tak simpen ning atiku
Muga-muga awakmu ayem ning surga
Kita kanca sejati
Lan aku ra bakal lali
Marang awakmu kuwi
Nabrak Lawang Koco ning Lapangan Kapal Mabur
VIII-F COMMUNITY, Sabtu, 10 April 2010Nabrak Lawang Koco ning Lapangan Kapal Mabur
Preinan unggah-unggahan wis teko. Pakdhe Ridwan, budhe Rini, karo Rico ape preinan ning omahku. Pakdhe lan keluargane manggon ning Makassar, nanging dani, Dik Nana, Kak Dimas, bapak, lan ibu omae ning Surabaya. Pakde ngandani ape teko ning Surabaya numpak kapal mabur. Kapale mabur teko jam 5 sore. Pakdhe njaluk dipapak ning lapangan kapal mabur Juanda, surbaya.
Aku sakkeluarga budhal soko omah jam 4 sore. Saktekone ning lapangan kapal mabur Dani mlayu luweh cepet kanggo mlebu ruang tunggu bagian wong teko. Amergo kesusu karo ora njarak, Dani langsung nabrak lawang koco.Dani pancen ora ngawasi mergo di kiro lawange bukakan ombo. Pancen, lawang koco kuwi resik lan bening banget, dadi ketoke ora ono lawange.
Wektu iku Dani isin banget. Wong-wong sing ndelok perkoro iku podho ngguyu lan ono sing mesem-mesem. Bapak, ibu, Dik Nana, Kak Dimas ngguyu bareng- bareng. Kuwi Pengalaman Dani sing paling di iling-iling lan ngisin-ngisini.
Budhimu Ibu
VIII-F COMMUNITY, Kamis, 08 April 2010Karangane : Eriki Adik P.
Tirta banyu segara kutah
Mecah ombak kang digawa lesus
Desirane getih ning awakku
Mili deres. . . . . . . . .
Duh gusti. . . . dosa apa sing tak gawe. .
Salahku gak ketung nang hadapmu ibu
Senajan toh aku iki faham
Sapa sejatine sliaramu iki
Budhimu ibu. . . . .
Mulia kaya malaikat
Senajan awakku wis kebat dosa
Tapi, ati sucimu isih bias nyepurani kalepatku
Kaya Entuk Wangsit
VIII-F COMMUNITY, Rabu, 07 April 2010Umur 15 tahun kuwi biyasane wayahe bocah seneng-seneng kanggo ngentekna wektu. Tapi mangsa iku ora dialami dening Murni. Dheweke nate susah lan bingung karo kedadean sing ngenani dheweke. Kedadean kuwi dialami Murni sekitar rong taunan. Saben dina, sawise mulih sekolah dheweke mung thengak-thenguk ning omah kaya wong linglung. Kayakke, dheweke ora pengin kaya kanca-kancane sing grudak-gruduk melu kegiatan sekolah. Semestine, kedadean kuwi ora dialami bocah sak umurane.
Awal mulane kedadean kuwi yaiku teka ngipi aneh sing bendina teka ning turune. Ngipi aneh kuwi kaya nyata lan ana terus ning pikirane Murni. Dheweke ngrasa, ning ngipine kuwi ana pesen penting kanggo dheweke.
Meh saben dina Murni tangi tengah wengi amarga ngipi aneh kuwi. Tapi Murni ora nduwe niat kanggo nyritakna ngipine iku mau marang wong liya. Dheweke mung angen-angen ning pikirane. Ning ngipine mau ana bayi lahir lan ibune sing isih lemes ning ndhuwur bayang rumah sakit. Nanging, ning pinggire ranjang kuwi akeh wong nangis ndrenginging. Dheweke bingung, apa artine ngipine kuwi, amarga biyasane yen ana bayi lahir kuwi kabeh padha seneng. Sing aneh, antarane ngipi siji karo liyane kuwi gegandhengan utawa nyambung isine. Tapi Murni ora percaya karo ngono–ngono kuwi. Apa maneh saiki jaman saya edan, ngipi utawa wangsit sing mbiyen dadi tren, saiki malah ora ana sing percaya.
Pirang–pirang dina sawise Murni ngalami kedadean kuwi, kanca–kancane padha kandha yen saiki tingkah lakune Murni berubah. Jarene, Murni dadi seneng ngelamun dhewe lan maleh dadi meneng, ora kaya biyasane sing akeh omonge. Ning sekolahan,dheweke uga jarang dolanan karo kanca – kanca liyane. Padhahal biyasane dheweke langsung dolan ning kelas liyane utawa perpus.
Amarga Murni ngrasa dheweke ora berubah, dheweke ora trima karo omongane kanca-kancane. Murni omong yen saiki dheweke seneng ning kelas amarga aras–arasen metu kelas. Tapi dheweke ngrasa yen kadhang–kadhang ngalami kedadean sing aneh. Ning salah sijine dina, Murni ngrasa kaya nduwe masalah gedhe sing ora ana titik temune. Sedina kepungkur, dheweke lungguh ngelamun ning ngarep jendela kamare. Ora mangan, ora ngombe, mung ngelamun wae nyawang langit. Ibune nganti bingung karo tingkah lakune anakke. Padhahal ning sekolahan lan ning omah Murni ora nganti nggawe perkara.
Sesuke, Murni ditanggap ibune. Nanging Murni ora eling apa–apa. Dheweke kandha yen dhek wingi turu sedina ning kamar.
“ kowe iki kenek apa toh ndhuk? Kok kaya bar kelebon setan.”
“ ibuk…...”
Murni sing maune ora percaya omongane kanca–kancane, saya suwe dadi rada percaya. Dheweke banjur njaluk tulung kanca–kancane kanggo nggoleki perubahan ning awake kuwi.
Sedina rong dina ora ana kabar. Nganti pirang–pirang sasi, lagi ana kabar saka kanca–kancane. Kanca–kancane padha dolan karo nggawa rekaman kegiatane Murni sekitar rong tahun iki. Murni banjur ndeleng rekaman kuwi siji – siji. Dheweke langsung kaget.
Murni ora percaya yen iku bener dheweke. Murni percaya yen dheweke dadi ngono mesthi ana sebabe. Mula iku, dheweke ngubung–ubungna masalah sing tau dialami semangsa iki. Murni eling, sing paling mungkin yaiku ngipine sing aneh kuwi. Murni banjur ngeling–eling ngipine mau. Amarga dheweke ngrasa yen pesen ning ngipi mau kanggo dheweke.
Isuk awan sore Murni ngeling–eling, nanging tetep ora kasil. Ora disangka–sangka, bengine Murni ngipi sing aneh meneh. Tapi ngipine ora kaya mbiyen, ora dipedhot-pedhot dadi pirang–pirang dina. Isuke, kaya bar entuk wangsit, Murni langsung nulis apa sing ana ning ngipine mau bengi. Ora ngerti tujuane apa, Murni banjur lunga menyang kantor pos ngirim tulisan sing lagi ditulis marang mbahe.
Nerima surat teka Murni, mbah kakung karo mbah putri langsung kaget. Ning batine, Murni kok weruh kabeh ceritane teka awal nganti akhir. Apa wong tuwane wis crita. Ning omah, Murni ngenteni balesan teka mbahe kuwi. Nanging ora ana tukang pos sing mampir. Amarga wis penasaran, Murni lunga menyang omahe mbahe. Tekan kana, mbahe padha kaget kabeh.
“ mbah, sakjane ngipiku iku piye leh? Apa ana hubungane karo aku? ”
“ ……..? ”
Mbahe Murni bingung arep ngomong apa. Mbahe ora nyangka yen Murni durung weruh sejatine. Padahal, ning surate ditulis lengkap. Mulai teka dheweke lahir sampek saiki melu budhene. Diceritakna banget teliti, tapi kok Murni ora weruh. Iku sing dibingungna mbahe. Apa maneh olehe entuk ngipi kuwi wis banget suwene. Mbahe ora tega ngandhani.
“ ndhuk,….”
“ ……………..”
“ sing ning nggone ngipimu kuwi,….ya awakmu dhewe ndhuk!”
“………krieettkh………”, Ibu karo bapak mbukak lawang omahe mbahe.
***
Koruptor
VIII-F COMMUNITY, Selasa, 06 April 2010Saka : Aku (nomer 7)
Hai para koruptor!
Kepriye kabarmu?
Aku nelangsa perkara ulahmu
Lan aku sekarat perkara tingkahmu
Ning endi, ning endi ta atimu iku?
Saka apa, saka apa ta atimu iku?
Kowe tega ngapusi bangsamu
Kowe penghianat bangsamu
Sapa…sapa…sapa..sing ora nesu
Kringete rakyat mbok pangan sak penake udelmu
Raimu iku lho rai apa?
Ora nduwe isin blas karo Gusti Allah
Terusna bakatmu, terusna!
Nak pengen ajur uripmu
Edane Donya
VIII-F COMMUNITY,Saka : Aku (nomer 7)
Bengi-bengi aku lungguh ngrasakna angin
Angin mlaku saka laut mara daratan
Rasane awak iki kepenak tumenan
Sumuk, angkep ilang pada playonan
Tak rasak-rasakna donya iki kok maleh tumenan
Lha kepriye wong maune kepenak saiki dadi genjolan
Perkarane manungsa zaman saiki srakah tenan
Wes-wes zaman malah edan
Bencana longsor sasate mampir desaku mben tahun
Ngeneki luwih enak aluk mangan gorengan sukun
O..Ya Allah ampuni desa Rumpun
Balekna desaku sing damai, tentrem lan rukun
Joko Mbrantas Kejahatan
VIII-F COMMUNITY,Saka : Aku (nomer 7)
Mbiyen ana alas sing jenenge alas Roban, ning alas iki ana desa sing jenenge desa Kwarta lan ning desa iki wargane pada rukun. Umume warga sing manggon ning kene penggaweane tani lan ning desa iki akeh cah cilik-cilik. Salah siji saka cah cilik mau anak cah cilik sing jenenge Joko. Joko iku anake Pak Kardi, Pak Kardi iku petani ing desa Kwarta, saliyane nduwe bapak Joko iku iya nduwe ibu, jenenge ibune yaiku Tukiyem. Keluargane Pak Kardi iku serba kecukupan mulane kanggo ngewangi perekonomian keluarga Tukiyem biasane nggolek kayu ing alas kanggo didol ning pasar. Jarak antarane pasar saka desa Kwarta lumayan adoh, merga pasar kuwi panggonane ning jabane alas, mulane biasane Tukiyem ngedol kayu ning pasar seminggu kaping pisan. Sing nggolek kayu ing alas kanggo didol ing pasar iku ora Tukiyem wae, nanging tangga-tanggane iya, mulane angger ngedol kayu ing pasar biasane dheweke ngedol bareng-bareng.
Ing salah sijine dina Joko dolanan karo kanca-kancane, nanging dheweke bingung arep dolanan apa lan dheweke mutuske rembukan. Akhire sawise dheweke rembukan dheweke nemukna dolanan sing apik yaiku obak delik. Sawise nglakoni dolanan iki tibae sing unyik Joko, lan sawise kancane pada ndelek kabeh Joko miwiti nggoleki kanca-kancane sing pada ndelek. Sawise nggoleki kancane Joko ora nemukna kancane siji-sijia lan akhire Joko mutuske mlebu alas, sawise mlebu alas bocah cilik iki iya ora nemukna kanca-kancane maneh. Joko mikir paling kanca-kancane ndelek ning alas sing luwih jero, tanpa mikir maneh Joko langsung ning alas sing luwih jero, sawise iku Joko iya ora nemukna kanca-kancane, akhire Joko dadi jengkel lan dhekne ngrasa kesel lan dhekne mutusna istirahat sedhela. Sawise sa’jam istirahat Joko mutuske mulih, nanging bocah cilik iki bingung endi dalan kanggo mara omahe lan cah iki lungguh lagi sedhela lungguh, ndadaan bocah iki nangis. Tangisane iki dirungakna karo Opi, Opi iku salah sijine kethek ing alas kuwi, mari ngono Opi mara ing sumber tangisan iku. Sawise mara ing sumber iku Opi ndada’an nemukna bocah cilik sing nangis, mari ngono Opi ngomong,” kowe kenek apa? ”, lan Joko kaget krungu suara iku, karo wedi Joko jawab,” aku iku kesasar ing alas iki merga aku mau nggoleki kancaku sing ndelek”. Sawise ngrungakna penjelasane Joko akhire Opi gelem ngeterna Joko menyang omah. Karo mlaku Joko muni,” jenengmu iku sapa seh ? ”,mari ngono Opi jawab,” jenengku iku Opi, aku iku manggon ing alas iki”. Akhire dheweke tekan omahe Joko, lan mari ngono Joko muni,” matur nuwun opi, merga kowe bar ngeterna aku tekan omah”, lan Opi jawab,” pada-pada, aku ikhlas lan seneng kok bantu kowe”.
Sawise kejadian kuwi hubungane Joko lan Opi dadi cedak, dheweke dolanan bareng-bareng, kadang-kadang Joko dolanan ning alas lan kadang-kadang Opi sing dolanan mara omahe Joko. Ing salah sijine dina desa Kwarta digegerke ilange pitike warga, kanti kadadeyan kuwi saiki ronda bengi ing desa kwarta diperketat, nanging ing wayah bengi ora ana siji-sijia wong kang nyolong pitik, para warga digawe bingung karo permasalahan iki. Ing salah sijine dina kaya biasane Joko golek suket kanggo pakan wedhuse ing cedake alas, sawise entuk lumayan akeh suket Joko mutuske muleh. Sawise tekan omah Joko langsung nguwehi suket mau kanggo pakan wedhuse, nanging pas iku ana suara aneh saka kandang pitike, mari krungu suara iku Joko langsung mara kandang pitike. Ndadaan ning kana ana garangan, tanpa mikir Joko langsung ngguraki garangan mau, sawise garangan iku mlayu Joko mikir,”berarti sing nyolong pitike warga iku ora menungsa tibae garangan”. Mari ngono Joko crita marang bapake, ibune, lan para warga. Lan Joko njaluk tulung marang bature yaiku Opi kanggo bantu nyekel garangan sing nyolong pitike warga, sawise crita akeh karo Opi, ndadaan Opi gelem ngewangi. Mari ngono dheweke nggawe rencana kanggo nyekel garangan mau, sawise entuk cara kanggo nyekel garangan Joko lan Opi langsung nglakoni rencana kuwi.
Dheweke nggawe jebakan, jebakan iku krangkeng cilik ing jerone ana rong panggonan. Panggon kesiji diiseni pitik lan sijine maneh kanggo jebakan garangan, sawise krangkeng mau dadi, dheweke langsung nyelehna krangkeng iku ning panggonan sing wis ditentukna lan mari ngono dheweke mulih. Isuke dheweke ndelok jebakan iku, ndadaan ing jerone krangkeng ana pitik lan garangan, mari ngono pitik mau dicolna lan garangan sing ijek ning jero krangkeng mau dibuak ing kali karo Joko lan Opi. Sawise iku desa Kwarta mbalik tentrem lan damai maneh, lan sawise kejadian kuwi Joko lan Opi dianggep ksatria ing desa Kwarta.
Gunung pasar
Karangane : Qoirul I
Gunung pasar kuwi gunung gedhe ana kutha tuban wilayah selatan ,gunung pasar iku kerajaan lan pasar kanggo bangsa lelembut , biyen akeh wong kang njalok pusaka lan barang-barang ing kono. Jaman biyen gunung pasar dhuwe rimba utawa sumberan kanggo urip kewan sing manggon kono , tapi saiki wit ana kono entek di jupuki penduduk sekitar gunung pasar dadi saiki rimba sing gede ilang gak ana tilete,saiki gunung pasar digawe persil marang wong-wong didhadikno sumber pangan kanggo rakyat sekitare gunung pasar Gunung pasar duwe anak rimba utawa anak sumberan sing pirang pirang tahun ilang ,anak rimba iku asmane dong ranjam ,panggonane ana lereng gunung pasar , ing dong rajam akeh sumberane lan akeh penguripane ,akeh wong sangka adhoh mara rana amerga ing kono adem ,sejuk wit-witan akeh lan ngenah kanggo petualangan ,merga ing kono akeh medan-medan seng isa digawe panjat tebing .
CAK TKN NYINGKRE, KANDANG WEDHUS LUWIH LUWUNG RUPANE
VIII-F COMMUNITY,Karangane : Rama
Sekolahku wis apik, gedung-gedunge yo wis rampung olehe mbangun. Sadurunge iki, sekolahku bangunanane urung ditingkat lan kelas-kelase rata-rata isih mester durung kramikan. Kabeh iki hasile saka lomba Tuban Kinarya Nugraha pirang-pirang wulan kapungkur. SMPku oleh nomer loro lomba iki. Hadiahe sekitar 35 yuta. Nanging coba waspadhakno saiki, sekolahku pancen katon megah, tapi nek masalah kebersihan, miturutku isih perlu di ketati maneh kaya nek ana penilaian TKN mbiyen, tapi apa perlu kanggo ngresiki sekolahe dhewe kudu ana sing ngomandoni? Sawangane iku kurang perlu, nanging nek wis keblanjur kaya ngene kok malah gak ana sing ngopeni? Tempat sampah sing saiki wis akeh lan apik-apik, nanging jarang di manfaatke karo bocah-bocah sing nduweni sampah malahan panggonan sampah sing paling akeh ana ning kalenan, ngarep jedhing, ngisor bangku saben-saben kelas, glodhokan meja, lan pinggire tempat sampah, ora ning njerone. Wah-wah nek ngene carane luwih becik dianaake lomba TKN saben dina.
Tapi nek ana lomba TKN mbendina, gurune bisa-bisa mumet mikire. Masyo iku apik kanggo bocah, nanging sawangane isih kurang efektif amergo durung mesti kabeh bocah ngerti maksude guru. Dhisik aku kelas siji, kancaku sing nurut guru resik-resik mung sekitar cah 33 sing liyane nganggur ora ono prenggawean, lan padha kluyuran. Mbiyen jam-jam pelajaran akeh sing diganti karo pelajaran ngresiki kelas, nanging iku ana asile. Sekolahku dadi resik lan akeh tanduran-tanduran sing mancep ing lemah SMP 1 Jatirogo. Nanging saiki kenyataane tanduran-tanduran mau wis jarang diopeni. Lan kebersihan sekolah nek digawe grafik utawa digram yaiku meduuuuuun tenann!!!!!
Nelangsa
VIII-F COMMUNITY,NELANGSA
Karangane : Mas Iyon
Uripe Sumi, bojone Sukar pancen nyara tenan. Sumi urip karo bojone ing desa Sukamaju. Sumi saiki ndhuwe anak telu. Salah sijine isih bayi. Uripe ketelu anake Sumi ora penak kabeh, mangan kur ping pisan. Bojone Sumi mikirna carane ben dhuwe dhuwit akeh. Akhire sukar anduweni ide dheweke arep kerja ning Surabaya.
“Yu. . . yu, aku pengen kerja yu!”
“Kerja ning endi lech kang?”
“Ning Surabaya yu, ben uripe radhak mapan sithik”
“Yo kan, nanging nek wis dhuwite nglumpuk akeh ndang mulih”
“Yo. . yo yu, ojo kuwatir”
Saiki Sukar wis kerja ning salah sawijining pabrik ing Surabaya. Wis sesasi Sukar kerja ning kana, dhuwite wis akeh, malah saiki uripe luwih mapan tinimbang biyen. Dene Sumi malah kangen Banget karo Sukar. Rumangsa wis sugih, Sukar lali karo bojo lan anake ing desa, malah dheke golek bojo maneh sin luwih enom.
Amerga wis ora kuat nahan kangene karo bojone, Sumi niat mara ning Surabaya saperlu nyusul Sukar.
Satekane ning Surabaya, Sumi lansung nggolek alamate bojone. Akhire Sumi kapethuk bojone lagi jalan-jalan karo cah wadong sing isih enom. Sumi langsung nekani bojone,
“lho kang! niki apamu?”
“Sinten kuwe ? aku ra kenal, jo ngaku-ngaku dulurku!”
“Ya Allah kang. . . apa kowe lali karo bojomu iki?”
“Bojo saka endi? Aku ra kenal sliramu! Mire. . .jo ngedang-ngedangi dalanku” jawabe karo mlaku.
Atine Sume kaya dibakar, lan dheweke langsung mulih karo nangis. Ora ngira-ngira kendaraan sing ditumpangi Sumi nabrak wit gedhe ing pinggir dalan. Penumpange mati kabeh. Pancen dina ikU dina apese Sumi. Nelangsa tenan uripe Sumi.
KANCAKU
VIII-F COMMUNITY, Senin, 05 April 2010Dening: Rima Anggraini
Jenengku rudi, aku isih ana ing kelas siji SMA. Kaya biasane murid anyar sing ana ing kelas siji nglakoni apa kuwi sing diarani MOS (masa orientasi siswa).
Aku kepethuk murid saka sekolah ngendi-ngendi. Telung dina aku nglakoni MOS ing sekolah anyarku. Akhire aku kepethuk kanca anyarku jenenge Jaka. Jaka lan aku mlebu kelas sing padha. Yaiku mlebu ana kelas XB. Saben dina sakwise mulih sekolah. Jaka lan aku dolanan bareng. Sakanane, kadang dolanan PS, ndelok film bareng, lan liya-liyane.
Dina senin, sakwise mulih sekolah Jaka ngejak aku ana gedung ing mburi sekolah. Ning kana Jaka ngejak aku ketemu kancane, aku dijak kenalan. Saya suwe aku akrab karo kancane Jaka kuwi. Rasane ora bisa adoh-adoh karo kanca anyarku iki. Dadi numan, sakwise mulih sekolah aku banjur dolanan karo kanca anyarku iki. Saya suwe angger Jaka tak jak dolanan bareng ora tau gelem. Jaka luwih mentingne dolanan musik ning studio amergo arep melu lomba.
Akhire, tak wani-wani'na dolana bareng dhewe'an. Aku uwis wani nggawa mulih ning omah. Uwis ora wedhi ndelik-ndelik maneh. Uwis gak isen konangan ibu'ku. Poko'e aku lan kancaku sing siji iki uwis ora isa dipedhotno. Saking akrabe aku karo kancaku siji iki, aku dadi bungkring, lunglit (balung lan kulit). Wathokku dadi njegil kadang sampek metu getih saka lambeku.
Nanging, aku isih urung bisa pisah karo kancaku iki. Saben dina ibu lan bapak menging aku supaya aja dolanan karo kancaku sing iki. Akhire ibu nggawa aku menyang puskesmas. Sakwise diperiksa, doktere menging aku supaya ora usah dolanan maneh karo kancaku sing iki., kanca sing paling bisa ngerteni aku yaiku (rokok).
Saben dina aku ngombe obat kanggo ngobati penyakitku iki. Akhire suwe-suwe aku bisa pisah karo rokok. Tiba'ke aku sadar, yen rokok kuwi nyebabake penyakit.
KORUPSI
VIII-F COMMUNITY,Dening: Rina Widya Astuti
Korupsi, korupsi, lan korupsi
bolhak-balhik mesti korupsi
kapan negaraku iki bebas teka korupsi
tega-tegane para pejabat mangan dhuwite rakyat
rakyat pada mlarat
nanging para koruptor malah seneng-seneng
kenapa para koruptor-koruptor iku ora sadar-sadar
apa untunge korupsi
muga-muga para koruptor kuwi dibales
karo sing maha kuasa
supaya ngrasakne dadi uwong mlarat
SURGA
VIII-F COMMUNITY,Dening:Fitri Puji Lestari
Ing atiku sing jero iki
Aku pengen banget ngomong
Tapi ngomong karo sapa
Aku malah bingung mikirno
Saiki . . .
Aku wani ngomong
Aku ngomong iki apa anane
Sing ana ing njero atiku
Surga . . . apa kuwi?
Panggon sing diidham-idhamno wong islam
Tapi ora gampang mlebu rana
Kudu ana celengan sing apik
Ora ana celengan ora abkal mlebu surga
Apa kuwi celengan sing apik
Kayata. . . . .
Sembahyang sing sregep
Maca Qur’an sing sregep
Lan ibadah laine sing apik
Celengan kuwi sing bakal kanggo sangu
Panggone kuwi jare kanjeng nabi
Apik, adem, lan akeh wong wadon
Tapi nak sing mlebu wadon . .?
Malah bingung mikirno
PAK GURU
VIII-F COMMUNITY,Dening:Antya ulfa I
Pas rembulane angslup
Ing wayah suryanipun bumi mlethek
Lan embun-embun netes ing godhong
Sampeyan nebarake semangat ngulang
Budhalmu...
Nggambarake semangat 1945
Tapi nek dipirsani, rekasamu ngonthel sepedhah
Nusuri lurung kang liku-liku
Pak guru...
Sampeyan pantes diarani pahlawan tanpa tanda jasa
Jasa-jasamu badhe dieling-eling nganti sak lawase
Matur suwun pak guru, Matur suwun.
CARITA JAGADKU
VIII-F COMMUNITY,Dening: Mbak Ega
Jagadku ya mung singkate uripku…
Urip kang kanggo ngrasakake apa iku sing jenenge
Sari pati urip menungsa
Aku ora ngerti arep tak gawe apa jagadku iki...
Yen takon bapak lan ibu, aku mung diutus luwih rekasa
Yen takon guruku aku mung diutus luwih sregep golek ilmu
Nanging iku kabeh malah gawe awakku tambah bingung
Duh Gusti... apa urip mung kudu rekasa lan sregep golek ilmu?
Suwe pitakon iku gawe mumet sirahku
Nanging nyatane ora mung aku sing ngrasakake,
Jagadku wis gawe awakku kenal menungsa liya kang bisa dadi kanca
Kanca sing padha bingung kaya awakku
Jagad wis gawe kabeh wong padha mumet...
Kabeh menungsa mung pingin jagadte dadi paling apik,
bisa gawe puas jiwa lan ragane dhewe-dhewe
yo mung iku sing jenenge kepuasan lan ayeme urip menungsa…
nanging apa sing diarani jagad paling apik yen cara kanggo gawe iku kabeh mung kanggo nyenengna awake dhewe?
Yen kabeh menungsa padha ngawiti jagadte karo cara sing bisa gawe puas awake dhewe,
awakku malah tambah bingung kanggo gawe jagadku iki...
aku rumangsa yen aku kudhu nduwe cara dhewe kanggo gawe jagadku
sejatine jagad miturutku, yaiku jagad sing bisa gawe urip iki tentrem,
ora mung menangan karo jagadte dhewe, tapi yo bisa ndeleng uripe wong liya sing lara lapa
muga-muga iku kabeh bisa kelakon ing jagadku..
ya mung iku sing tak arepna...
“Wong Ayu Iku”
VIII-F COMMUNITY, Minggu, 04 April 2010Dening : Nisfatin Shofiana
Sore iku , dadi sore sing paling dakgethingi . Anakku sing nomer siji lunga kanggo selawase . Atiku isih lara karo kedadian iku , nganti saiki aku durung isa nglalekno .
Ngenes tenan uripe anakku iku . Awal kedadiane iku dina Jum’at sore . Samulihe saka omahe mbahe , awake Mia panas . Tak kira dheweke iku mung kena panas biasa . Mulane iku , wengine aku lan bojoku nggawa Mia menyang Bidan Desa . Sawise di periksa , Bu Bidan dhawuh yen Mia mung kena panas biasa lan mengko yen sampun ngombe obat , panase bakal mudhun .
Esuke , awake Mia isih panas . Dhakombeni Mia obat meneh . Nganti dalu , panase Mia durung mudhun-mudhun . Mbahe rawuh niliki putune , aku diutus nggawa Mia ing dokter liya . Sawise diperiksa , dokter kuwi yo ngomong yen Mia mung panas biasa . Sawise ngombe obat , Mia turu . Mbahe dadine nginep , amerga ora tega ninggalno putune sing lagi lara .
Esuke , panase mudhun . Amerga panase sampun mudhun , mbahe kondur. Bojoku dina iku ing sawah , lan aku ing omah dhewekan . Wetara jam 10 , idep-idep Mia mutah-mutah lan ngising terus-terusan . Aku dadi kuwatir . Samulihe bojoku wetara jam setengah 12 , aku langsung ngajak nggawa Mia menyang puskesmas . Tanpa adus , bojoku langsung salin klambi lan langsung nggroncekno aku lan Mia menyang puskesmas sing cedhak .
Satekane ing kana , anakku langsung diperiksa karo dokter . Tapine dokter kuwi ngomong yen dheweke ora sanggup , lan ngongkon aku nggawa anakku menyang rumah sakit. Nembe sakjam olehku ngenteni ambulans puskesmas kanggo nggawa anakku menyang rumah sakit .
Sateka ing rumah sakit lan nembe diinfus , anakku wis ora ambegan maneh . Aku ora percaya yen anakku wis ninggalno aku kanggo selawase , aku semaput . Sabanjure iku , Bulikku lan Paklikku teka , Bulikku semaput wektu ngerti yen Mia sampun kapundhut .
Akeh wong-wong sing padha nyalaho aku lan bojoku , amerga kesuwen olehe lagi nggawa Mia menyang rumah sakit . Coba wong-wong ngerti , yen anakku mati ora merga penyakit. Tapi amerga wong wedok ayu iku panggon kandhang sapiku wis njupuk
SAIKI LAN BIYEN
VIII-F COMMUNITY,Oleh :Evi Nurcahayanti
Ndisik, bocah sekolah ora ana
Ndisik, bocah dolanan ora ana
Ndisik uga, bocah pinter jarang ana
Nangging semangat pejuangane gedhe banget
Saiki bocah sekolah akeh
Bocah pinter akeh
Fasilitas uga wis saya lengkap
Nanging kenapa ora nduwe semangat pejuangan kaya jaman biyen?
Sekolah mung didadekne ajang panggolekan pacar
Sekolah mung didadekne ajang adu kekuatan
Apa mung iku sing bisa di lakokne bocah saiki?
Duh kanca muda ……..
Apa mung kuwi sing bisa muk wenehno bangsa iki?
Arep dadi bangsa piye yen kuwe ngono terus?
Ayolah kanca muda
Bereng – bareng kita ndadekne negara kita
Negara kang berbudi luhur, maju lan sejahtera
GUNUNG PURUNG
VIII-F COMMUNITY, Sabtu, 03 April 2010Dening : Winda Aprilia P
Gunung purung iku salah sawijine gunung sing unik. Manggone iku ana ing rong desa utawi pertengahan antarane Kedukuhan Lumutan, desa Sugihan lan Kedukuhan Purung, desa Sidomulya. Loro-lorone desa iku ana ing Kecamatan Jatirogo, Kabupaten Tuban Jawa Timur. Gunung Purung iku banget-banget durung kuwentar. Sebab manggone kurang tepak, banjur ing kiwa-tengene kuwi mung sawah kabeh. Dadine wong jarang ing gunung iku merga dalane jemek lan adoh karo ratan gedhe.
Gunung Purung iku mung disaba wong sekitar lan ora dimanfaatno kanggo tempat pariwisata kayata obyek-obyek wisata sing terus kebanjiran wong. Sakjane gunung iku hawane adem, angin silir-silir amerga wit-witane, gegodhonge isih ijo royo-royo lan lestari.
Yen kepengen singgah ing kono, ora usah ragu, amerga ana hal-hal sing umum, salah sawijine yaiku wong-wong ora usah kuwatir yen kepengen rekreasi soale ora ono kewan galak.
Keunikan Gunung Purung dibandingke gunung laine yaiku ing cedhake gunung Purung ono salah-sawijine kali. Sakdurunge arep mudun ing kali mesti hawane adem tenan, tapi banjur mudun hawane malah dadi anget sebape iku wong desa ngarani “Kali Anget”. Lan manut omongane wong, kali iku isa marikna penyakit gatel. Asal banyune iku saka jerone gunung sing wis bocor uga ngalir ing kali mulane banyune anget lan gunung Purung ora isa meletus. Jerone kali watara 1,5 meter yen posisine ora banjir. Banyune agung, klimpah-klimpah bening lan maya-maya. Mulane banyune kali katon nambahi asri lan endahing sesawangan ing gunung Purung.
Tapi munggane gunung purung wis didadekno tempat pariwisata, kudu didandani, sebabe yen durung didandani para pariwisata mesti kangelan munggah gunung purung utawa kudu lewat sing gampang yaiku sisih kidul pas etan. Gunung purung iku asline jenenge dijupuk saka keunikan-keunikan tempate yaiku ing dusun “purung”.
CETHIL
VIII-F COMMUNITY,Dening : Siti Nor Leli
Luluse Husen, anake Salamun lan Murtini, kuwi wis cedhak. Dina iku, ujiane bar, kabeh murid pada bungah. Salah sawijine Husen. Pada bungah amerga wis bar ujiane lan pas bar lulusan arep ana rekreasi ing Yogya. Tapi Murtini malah susah, amerga ora dhuwe dhuwit kanggo sangu rekreasi Husen.
Salamun kuwi prenggaweane adol krupuk, lan Murtini sing mbunteli krupuk ing omah, karo diiwangi tanggane. Salamun kadang muleh saka adol krupuk, iseh adol manuk. Ngono jarene ora dhuwe dhuwit. Sebenere ora dhuwe dhuwit apa eman kanggo nyangoni anake. Salamun kuwi pancen wong kang medhit. Amerga diujuk-ujuki Murtini, akhire Salamun gelem nyangoni Husen lan oleh melu rekreasi.
Esoke, wayahe budhal rekreasi. Husen budhale njaluk ngeterno Salamun, amerga jarak sekolahane karo omahe adoh. Maune Salamun ora gelem ngeterno, tapi akhire gelem amerga dipeksa Murtini. Salamun gelem ngeterno, tapi kayake ora ikhlas, numpake sepedha motor elun-elun tenanan.
Wektu tekan sekolahan, tibake bise wis berangkat jam pitu luwih seprapat mau, jare wong sing omahe cedhak sekolahan. Soale saiki wis jam setengah wolu. Husen langsung medhun saka sepedha motor lan nyelehno tase ing lemah.
“ wis pak, ayo muleh wae! “ omonge Husen. Sing Salamun meneng wae lan langsung nyetater sepedhahe. Ing dalan Husen meneng wae, pas tekan omah langsung ngamuk rakaruan. Lagek mlebu omah, lawang omahe langsung disaduk, bruaakkkk….,,,,swarane kanthi ngagetno wong sing bunteli krupuk ing omahe. Lan tase dibanting uga krupuk-krupuk sing wis dibunteli diidak-idak kanthi remuk kabeh.
Sak durunge, Husen ora tau muring-muring kaya ngene. Tanggane pada kaget lan nggumun. Soale Husen kuwi bocahe apik, nurutan, uga ora tau muring-muring, lan saiki ngamuke tenanan. “ Ngeneki sing salah ya lek Salamun, le medhit karo anak wae tenanan, ngantek Husen muring-muring kaya ngene” omonge tanggane. Kanthi pirang-pirang dina Salamun iseh dieneng Husen lan Husen sering muring-muringi wong sakjromah.
Esok-esok pas wayah Murtini tuku tempe, ora sengaja krungu nek ape ana rekreasi ing Yogya. Sing ngadakno wong-wong sing dodolan krupuk. Kebeneran Salamun ya adol krupuk, dadi oleh melu. Murtini langsung bali muleh lan kandha karo Husen lan Salamun. Sing Husen langsung bungah.
“Ya wis sesuk nang budhal ning Yogya” omonge Salamun ning Husen. Amerga seneng, Husen langsung nata klambine kanggo sesuk moro Yogya. Sing Salamun susah, amerga saiki Salamun kudu bayar maneh kanggo rekreasi. Lan golek sangu, soale dhuwit sing ora sida melu rekreasi sekolahan ora dibalekna. Saiki Salamun dadi ngetakna akeh dhuwit, amerga saka ulah lan kesalahane dhewe.
Kanca iku padha
VIII-F COMMUNITY,Dening : Alinur awal akhir
Dina iki, kaya biasane Nisa mangkat sekolah karo Lastri. Nisa lan Lastri wis kancanan kawit cilik nganti saiki, loro karone wis kelas siji SMP. Bocah loro kuwi omahe tangganan, bapak lan ibuke ya wis kaya dulur dhewe, mulane cah loro kuwi ora tau pisah. Nok endi ana Nisa, ing kono ana Lastri. Ngono jarene bocah-bocah sing kenal karo cah loro iku.
Nanging, uwong iku bedha-bedha, ana sing apik lan ana uga sing elek. Kabeh uwong nduwe apik lan eleke dhewe-dhewe. Yen Nisa iku bocahe ora pinter nemen lan rada mbeling, nanging kancane sak lapangan. Lastri bedha maneh, dheweke iku nurut karo wong tua, pinter, lan ora seneng omong. Mulane iku, dheweke sering diarani sombong karo bocah-bocah sak sekolahane.
“ Nis, kowe ora minder karo kancamu sing sombong kuwi? ” takone Bayu, kanca sak kelase nalika lastri melu lomba siswa berprestasi menyang kabupaten.
“ Karepmu? ”Nisa takon balik.
“ Kuwi lho, kancamu sing pinter dhewe……..” bales Ramli, ketua kelase.
“ Lastri karepmu? Ora, aku ra minder kok…uwong kan nduwe apik lan eleke dhewe-dhewe ” saure Nisa enteng.
“ Lastri iku cah pinter, nanging ya ngono,,,,sombong! Omongan marang aku wae ra tau. Yen kowe iku …. ” unine Ramli.
“ Ora pinter nanging ya ora sombong…” saute Bayu.
Omongane bocah-bocah kuwi mau dipikir terus karo Nisa. Dheweke ngerti sing dikarepno bocah-bocah. Nalika Lastri menyang omahe Nisa kanggo nyaritakno lombane mau, Nisa langsung ngomong karo Lastri yen dheweke iku kemenengen, mulane cah-cah padha ndarani dheweke sombong amarga ora tau omongan karo cah-cah. Nanging, ora nanggapi apik karepe Nisa, Lastri malah ndarani Nisa padha kaya bocah-bocah. Nisa wis njajal ngomong ngomong maneh karo lastri yen karepe ora ngono, nanging Lastri tetep ora gelem ngerti.
Sakwise kejadian kuwi, Nisa lan Lastri ora tau ngomong utawa mangkat sekolah bareng maneh. Ana-ana wae alasan cah loro kuwi mben wong tuane ora weruh yen bocah loro kuwi tukaran. Nanging, sing jenenge wong tua iku tetep weruh-weruh wae. Nalika ditakoni, bocah loro iku padha ngomong marang wong tuane yen dheweke kabeh ora ana masalah apa-apa.
Kanca-kancane ya padha ora kalah bingunge, bocah sing biasane ora tau pisah dadi meneng-menengan. Saiki, Nisa ora tau melu-melu Lastri menyang perpustakaan meneh, dheweke luwih seneng dolanan karo bocah sing ana ing kelas nalika ngaso. Amarga pingin weruh, bocah-bocah takon marang Nisa ana masalah apa dheweke karo Lastri. Nisa nyaritakno kejadian nalika Lastri nyang omahe. Akhire, nalika Lastri balik saka perpustakaan, bocah-bocah njelasno karo dheweke apa sing dikarepno Nisa lan cah-cah kuwi dhewe marang dheweke.
Saiki, Nisa lan Lastri ora tukaran maneh. Malah, Lastri wis ora sungkan maneh dolanan karo bocah-bocah. Dheweke wis ngerti yen dheweke salah. Kabeh iku kanca, pinter utawa ora, sugih utawa mlarat, iku ora masalah.
PENGANGGURAN
VIII-F COMMUNITY,Dening : Rahma Inda D
Pengangguran ing desaku . . .
Akeh tangga-tanggaku sing ora duwe penggawean
Ngetan, ngulon, ngalor lan ngidul
Kabeh wis pathing dilakoni
Jare sebabe . . .
Kakehan pegawai
Malahan ana perusahaan . . .
Sing mbuak pegawaine
Sajane ngeneki salahe sapa?
Lahan kang sempit dibandingna karo manungsa kang ewunan jumlahe
Piye arep mergawe?
Lak mangkene critane . . .
Arep mangan wae kangelan
Golek dhuwit ing kana kene
Jajal lak ana penggawean . . .
Pengangguran gak bakal ana
Wis Enak Tapi Lali
VIII-F COMMUNITY,Dening : Juemmi
Ing pinggir alas ana omah sing dipanggoni bocah umur 14 tahun jenenge Ani. Ing pinggir alas Ani ora duwe tangga, tapi dheweke dibaturi adhike jenenge Ana umure 10 tahun.
Wayah esuk Ani arep masak, tapi kayune entek, Ani ngandhani Ana amarga kayune entek lan arep golek kayu ing tengah alas sing adohe pirang-pirang km. Ani langsung budhal lan gawa banyu sabotol kanggo dheweke katelak
Lagi mlaku ing tengah dalan Ani eroh wong tuwa sing katelak. Ani ngena banyu sing isih setengah botol kanggo wong tuwa iku. Sebenere banyu sing isih setengah botol arep dienggo Ani ing perjalanan. "Maturnuwun cah ayu!!. Iki aku gawa saku sagendel, trima cah ayu!! Ani trima kayu iku karo bungah atine, tapi wong tuwa iku nyarana Ani supaya aja sampek kenek banyu uga masakan isa enak-enak. Ani langsung muleh karo bungah atine.
Sawise tekan omah Ani ndelekna kayu ing etane omah. "Mbak wis ana kayu? cepet masak aku lesu "bengore Ana. Ani langsung masak, diangkat dhandange lan ditumpangna ing dhuwur pawon sing ngisore kayu iku. Wayah dibuka tutup dandhange ana masakan akeh lan enak-enak, sampek angger dina Ani masak enak-enak terus tanpa Ana ora eruh piye olehe masak Ani.
Jam 8 bengi Ani lan Ana turune pules tenan, wayah iku udan deres Ani ora iling lak dheweke kudu nglebokna kayu-kayu iku ing njero omah. Esuk-esuk Ani arep masak supaya Ana ora eruh olehe masak. Ani buka lawang angin semribit, godhong lan lemah padha teles, Ani langsung mara ing etane omah ndelok kayu-kayune sing padha teles. Ani nangis nanging Ani mikir kayune digaringna pasti isa gareng. Ani langsung garingna kayu, sawise garing dheweke langsung masak. 30 menit wis ana tapi isi dhandhang ana dadi sego ora dadi masakan sing enak. 1 jam dienteni ora dadi masakan sing enak. Ani ileng sarane wong tuwa lan dheweke kudu njaga kayu supaya ora kenek banyu.
Bocah Kutha
VIII-F COMMUNITY,Dening : Kang M. Syafi’i
Biyen iku ana bocah jenenge yaiku Ari. Bocahe iku pindahan saka Jakarta moro nang Cemara, Lha beneran Cemara iku desaku. Aku iku nduwe kanca yaiku Ani,Dol lan Dian. Cah Jakarta mau sing jenenge Ari,pas pisanan nang Cemara,dekne di enggo guyon bocah-bocah Cemara, amergo dekne gak isa Basa Jawa. Terus,Ari kepikiran kepengen isa Basa Jawa. Nanging dekne ape njaluk warah sapa? Dekne kan durung kenal sapa-sapa!
Ora trimo cah Cemara tok! sing nganggo guyon Ari. Pas dekne sekolah nang SDku dekne iyo di enggo guyon bocah sak kelas. Perkarane yaiku,dekne gak mudeng nek di jak omongan Basa Jawa. Terus kancaku sing jenenge Ani mau saake karo Ari,amergo Ari di enyei kanca-kancane sak kelas. Ari terus di warai Ani Basa Jawa sampek sak isane. Sejak iku Ari nduwe batur Ani. Amergo Ari ganteng baturane ari mukur cah wadon-wadon tok.
Kancaku sing jenenge Dian mau ndarani Ari banci,amergoAri dolanane ambek cah wadon-wadon tok. Pas aku ambek kanca-kancaku ndarani Ari,aku konangen Guruku . Aku langsung di kon jaluk sepuro karo Ari. Wes sak ulan,le marai Ani Basa Jawa! Ari iyo wes serondok lancar le Basa Jawa. Sak wise Ari iso Basa Jawa, Ari gak di enggo guyon bocah-bocah eneh. Malah cah-cah lanang akeh sing baturan Ari,amergo Ari iku bocah pinter sak kelas. Soyosuwe-soyosuwe Ari seneng karo Ani! Saikine Ari pacaran karo Ani amergo Ani iku bocahe ayu,gak sombong lan pinter.!
Iku pas dek kelas 1. Kelas 1-kelas 5 ari iseh pacaran ambek Ari, pas unggah-unggahan kelas 6, tibae Ani gak seneng maneh ambek Ari, amergo Ari iku bocahe saya suwe, dekne malah sombong ambek kanca-kancane,Pepeh dekne pinter sak kelas.!Wektu iku kancaku sing jenenge Dian, takok apik" ambek Ari,lha, blesane Ari yoiku, Dian tambah di darani, bocah goblok, bento, lan Dian di emeng anake wong miskin. Lha, kawit kuwi Ani gak seneng karo Ari.
Akhire, Ari ambek Ani mutusno hubungane.!Wis bar putus, Ari tekan omah, pikirane pusing tenan, dekne bingung koyok wong bento.Padahal, hubungane karo Ani wis 1 minggu,dekne iseh pusing, teros. Kawit kuwi Ari belajar, mben dekne gak sombong karo, bocah-bocah, dekne sadar, walaupun pinter, aku aja sampek, mbedak-mbedakno konco lan jo sampek sombong karo kanca dewe. Akhire Ari sadar karo tingkah lakune, sing nggawe, atine kanca-kanca lara.!
BALAP KARUNG
VIII-F COMMUNITY,Dening : Bimantara
Ing salah siji desa diadakna lomba balap karung antar desa. Desa iki jenenge Sidorejo. Panggonane ing kab. Tegal,Jawa Tengah. Peserta lomba balap karung dieloki 5 desa. Salah sijine tuan rumah yoiku desa Sidorejo. Sing liane yoiku desa Mulyosari,Tejo,Rojo Agung, lan Rawa Sari.
Ing lokasi lomba balap karung wis akeh penontone. Penontone padha ora sabar ndelok lomba balap karung. Lomba balap karung iki jarake kurang luwih 200 m. Lomba balap karung iki dibagi 2 ronde. Ronde ke siji, desa Sidorejo diwakili Nuansyah, Mulyasari diwakili Burhan, Tejo Diwakili Supardi, Rojo Agung diwakili Rahmat, lan Rawa Sri diwakili Sukirman. Sadurunge wasit wasit mulai perlombaane, para pemain wis padha siap siap lan priiiitttt………para pemain padha mlayu marang garis finish.Pemain saka Rojo Agung ,Rahmat,sawentera iki mimpin dalane perlombaan. Posisi ke loro Sukirman terus Burhan,Nuansyah lan Supardi. Tibake lomba balap karung ronde kesiji dimenangno Sukirman saka kampung Rawa Sari. Juara ke loro dimenangno Rahmat lan disusul Nuansyah,Burhan lan Supardi sing entuk juara 3 – 5.
Sawise ronde ke siji,para pemain padha leren dhisik. Desa Sidorejo diwakili Sartono,Mulyosari diwakili Kurnia Sandi,Tejo diwakili Bustomi,Rojo Agung diwakili Kuncoro lan Rawa Sari diwakili Badrun. Taun kae,Badrun dadi juara siji lomba balap karung se kab. Tegal.Peraturane padha kaya ronde sing kesiji.Tapi,ning ronde ke loro iki jarake kurang luwih 300 m.Luwih adoh 100 m ketimbang ronde sing ke siji.
Ning ronde keloro iki para pemain kudu mlayu zig zag. Para pemain wis padha siap.lan priittt………..para pemain langsung padha mlayu marang garis finish.Wis dikira,Badrun mimpin dalane perlombaan disusul Bustomi ning nomer loro. Lan wis dikira maneh Badrun saka Rawa Sari dadi juara siji.Juara loro dimenangno Kuncoro saka desa RojoAgung. Badrun entuk hadih wedhus siji lan dhuwit Rp 300.000,00.
BERSAMBUNG
TANGIS PAHLAWANKU
VIII-F COMMUNITY,Dening: Mbak yayu'
Telungatus seket tahun, negaraku dijajah karo bangsa liya
Di idek-idek tanpa ana rasa welas sakcuwilo
Ndak peduli piye tersiksane bangsa kita
Nangis getih cuma kanggo mempertahanke negara
Isih nancep ning ati
Kepriye pilune jeritan para pahlawan-pahlawanku
Adus getih lan selimutan awu
Mung kanggo anak cucu
Sing gak tau peduli karo uripe negara
Bambu runcing iku wis merdekake negaraku
Tapi kenapa ora isa ngruncingake ati kawula muda
Supaya bisa berjuang kanggo negara
Apa sia-sia pergobanane arek-arek Surabaya
Coba kurang apa?
Aku yakin
Ning alam kana para pahlawan nangis sengsara
Ngerti yen ternyata durung isa mbangkitno ati kawula muda
Lan nyawang codot-codot sing ngrusak negara
Sebenere apa Indonesia iku wis merdeka?
Kanggo cah 8-f kabeh
VIII-F COMMUNITY,Sadurunge pak Dadija njaluk sepura, mligine sing wis 'upload' tulisan abasa Jawa ning blog iki.
Critane mangkene.
Amerga nyatane kowe kabeh ketoke antusias nulis, lha tulisane ora mung ngaggo basa Jawa ning uga basa Indonesia, 'template' blogmu dakdandani supaya luwih rapi lan kepenak diwaca. Mula banjur daktambahi menu 'versi'. Ning menu 'versi' mau ana sub-menu INDONESIA lan JAWA. Kanggone nek ana sing arep nulis nganggo basa Indonesia, mlebuwa ning INDONESIA, banjur tulisanmu 'posting' ning kana. Seje maneh sing arep nulis nganggo basa Jawa, mlebuwa ning JAWA, tulisanmu 'posting' ning kana.
Amerga masalah teknis mau, tulisanmu kabeh kepeksa ilang. Nanging ora dadi apa. Ayo padha dibaleni maneh nulis. Saya akeh saya apik. Kepriye? Ayo dimulai.
Salam
Dadija Oetomo