3-6-2010 WAYAH BERSIH DHESA

Bungah atiku. Saiki kamis pahing tanggal telu wulan juni rongewu sepuloh ana bersih dhesa nang dhesaku. Aku wis nyiapna pangan-panganan kanggo kanca-kancaku sing mampir nang omahku, selain iku aku ngeteri jajan nang dulur-dulurku. Jam pitu isuk ning lapangan digawe bancaan, aku banjur melu ngrebutna iwak pitik lan iwak wedhus, mbuk...mbuk...mbuk...dhurung ana lima menit adhune wis amblas kabeh, jan warga nang dhesaku kayak pitik.

Sawise sekolah aku banjur nang lapangan(punden) ndelok wayang kulit gawe ngrayakna bersih dhesa. Getun sing tak rasakna banjur weruh wayang, merga critane wis ning pertengahan. Wayang kulit wayah awan bar. Ngko jam wolu ana maneh wayang kulit, malah acarane luwih luwar biasa, merga nekakna bintang tamu. Dhetik dhadhi menit idhep-idhep wayang kulit wis cakut, aku banjur nggolek panggonan ning ngarep panggung gawe ndelok sindhen-sindhen sing padha sumringah kabeh lan bintang tamune. Aku ngguyu kemekelen wayah bintang tamu(pelawak) ngguyoni penonton, jan lucu banget, ndelok raine wae wis kudhu ngguyu apa meneh omongane, waduh...waduh...waduh... wetengku kaku wayah pelawak salah tingkah, ngguyu ngguyu ngguyu iku sing tak lakoni wayah pelawak beraksi. Getun gek mau aku gak tuku kopi, banjure aku ya ngantuk. Sawise pelawak wis mudhun saka panggung aku banjur muleh, mripatku wis ngantuk lan sesok aku kudhu sekolah. Sampek teka omah aku banjur mapan lan ngorok.

Comments :

0 komentar to “3-6-2010 WAYAH BERSIH DHESA”

Posting Komentar