Cerita iki tentang pengalamanku dhewe pas ngalami kecelakaan neng pertelon besowo. Dina iku dina kemis. Kayak biasane, angger dina kemis aku ngulang pramuka. Pramuka cakut jam setengah telu lan bubar jam lima. Pas upacara pembukaan arep cakut aku kondo ning bocah bulu seng jenenge Rosi "Ros engkok nak muleh aku enteni yo."
Terus Rosi njawab "yo mbak."
Lha pas arep bubaran ujuk-ujuk tanggaku seng jenenge Eka muni "mbak engkok bareng aku yo! Aku di parani."
Aku njawab"Di parani sopo dek?"
Nanging eka malah muni"Wis lhe engkok lhak eroh dhewe."
Amergo aku lali nak wis janjian karo Rosi di tanbah rasa penasaran lan pikiran nak luwih becik nunut alaane gak enthok montor, akhire aku gelem di ajak Eka.
Nanging sedurung mulih pak Miun ngajak kumpul, dadine aku kumpul sek. Pas pak Miun njelasno Eka nyeluk aku "Mbak ayo wes di enteni lho." terus aku ijin neng pak Miun kanggo mulih disek.
Pas aku mlaku moro telkom aku lagek eling nak aku ndhuwe janji karo Rosi. Tapi tak sawang neng ngarep SMP wes sepi. Dadine aku takok Eka "Dhek bocah Bulu seng liyane neng endi?"
"Mboh mbak aku gak eroh." Jawabe srondok ngamuk.
"Lha sing marani kuwe ning endi?" Takokku neh.
"Lha iku neng ngarep telkom."
"Cah lanang iku sopo lhe dhek?"
"iku fanse Yulis."
Amergo isih penasaran, aku takok maneh "Jenenge sopo lhe?"
"Wes lhe."
Bocah sing marani iku, sempet mlengak. Nanging raine gak ketok jelas. Nanging aku kayak tau pethuk. Amergo wis sore dadi pas wis thuk telkom aku langsung numpak.
Perjalanane lancar-lancar wae. Nanging pas ning pertelon Besowo ono elf sing mandhek. Sepedhae bocah sing nggoncekno aku wis sempet di rem. Amergo gak ono tandha-tandha elf ape menggok, dadi sepedhae di gas maneh. Lha pas ape tuthuk pertelon elf iku reting lan langsung menggok. Sepedha montore wis di rem nanging wis gak ngatasi maneh. Akhire tabrakan iku gak isa di hindari. Aku sempet gak sadar. Terus aku di tulungi karo wong sing ana neng sekitar kono lan langsung di gi gowo neng PUSKESMAS. Awakku rasane lemes lan lara kabeh. Sikilku retak lan bablak kabeh. Neng PUSKESMAS aku lagek eroh nak jenenge bocah seng nggoncekno aku iku Kamet. Aku mulih teko PUSKESMAS jam 21.00. Teko pengalaman iku aku isa sinau yan aku kudu mikir-mikir yen dijak wong sing gak tak kenali.
KECELAKAAN
VIII-F COMMUNITY, Kamis, 03 Juni 2010
Label:
Rina Widya Astuti
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Comments :
Posting Komentar