Jenengku ilma, dina iku pas ape budhal sekolah, wong tuwa lan adhekku ape moro neng omahe budheku ing Bojonegara, amerga neng omahe budheku ana sedekah bumi, lha aku neng omah mungkur karo mbakku, jenenge mbak Ayu.
Pas muleh sekolah lan wis thuk ngarep omah, aku bingung, kawit gek mau ana wong undal-undul ape mlebu omahku, tak kiro iku tamu utawa kancane mbakku, pas aku mlebu omah aku takon mbak Ayu.
"Mbak, iku kancamu yo?" Aku takon neng mbakku.
"Sing ndi ta Il? Iku yo?" Mbakku balik takon karo ndidingi wong sing neng ngarep omahku.
"Ho'oh, iku kancamu ta mbak?"
"ora'i, iku ora kancaku, aku wae ora kenal Il." Jawabe mbakku.
"Yo wis ati-ati wae nek ngono!"
Gang telung jam aku muleh sekolah wong seng gek mau undal-undul wis gak ana, atiku banjur ayem banget.
Bengi-bengi jam pitunan, wetengku keleson, gara-gara mbakku ora masak. Akhire aku lan mbakku metu sedelok, neng warung cedhak omahku, aku arep tuku sego goreng, menisan mampir neng omahe kancane mbakku. Wooo, perkoro mbakku gak eling wektu olehe dolan, dadine aku karo mbakku muleh jam 9 bengi, kedalon cah.....
Thuk omah awakku pegel kabeh, aku lan mbakku banjur turu, sakdurunge turu, lawang ngarep banjur dikunci, lan kuncine dijabut diseleh neng nduwur lemari, uga lampune dipateni.
Kira-kira jam 11.20, mbakku kaget lan langsung gedandhapan tangi amerga krungu swara-swara aneh neng ngarep, lan mbakku langsung nggugah aku.
"Il, Il tangi Il,!!!" Unine mbakku.
"Heem, apa leh mbak, lagek wae turu digugah!!" Aku mangkel.
"Woooh, rungokno leh! Aku krungu swara klothek-klothek, koyok pintu ape dibukak, padahalkan kan wis tak kunci, apa ana maling yo?." Omonge mbakku gugup.
Bar iku, aku karo mbakku metu ko kamar, lan langsung njupuk sapu nggo jagan menthung malinge.
Pas pintune kebukak lan soko pintu iku ana wong telu mlebu, aku karo mbakku wis siap menthung, pas ape dipenthung, lampune dinyalakno mbakku, eee, ndadakan ora maling sing mlebu tapi wong tuwa lan adhekku sing mlebu, walllaaaah aku karo mbakku kisinan dhewe, gara-gara ape menthung wong tuwaku dhewe.
Dening:Antya Ulfa. I
Maling
VIII-F COMMUNITY, Kamis, 03 Juni 2010
Label:
Antya ulfa I
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Comments :
Posting Komentar