Neng jaman semaju iki, rega barang-barang ora tambah murah nanging tambah larang. Salah sawijine barng sing larange radhunung yaiku lengo gas. Pemerintah wis mbagekno LPG gratis ning masyarakat kanggo ngatasi masalah iki. Nanging akih masyarakat sing isih gak isa nganggo LPG dadine akih kecelakaan sing kedaden. Amergo kemajuan jaman akhire ana wong sing nemokna alat jenenge biogas. Biogas iku alat kanggo masak sing bahan dasare teka blothong. Sakliyane isa nghemat duwit biogas uga luwih aman nak dienggo. Cara kerjane biogas yaiku, blothong 1:banyu 1, contone blothong sak ember banyune yo sak ember. Bar ngono blothong sak banyune diudhek ngasi ajur. Terus di lebokno neng tanki digester(tanki sing di pendhem ning njero lemah). Ndhuwure tanki digester diwenehi ledeng terus dikei selang trus di sambungno ning kompor LPG. Bar ngono biogas wis siap digawe masak. Sakliyane gase isa digawe masak, limbah padate biogas yo isa digawe pupuk padat lan limbah caire uga kena digawe pupuk cair. Nganggo biogas luwih aman ketimbang nganggo LPG. Amergo nak sampek ana kebocoran, cuman gandha blothong. Tur saiki wis ana penemuan anyar maneh, biogas uga isa digawe listrik nanging urung akeh sing nduwe.
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Comments :
Posting Komentar