3-6-2010 WAYAH BERSIH DHESA
VIII-F COMMUNITY, Minggu, 06 Juni 2010Bungah atiku. Saiki kamis pahing tanggal telu wulan juni rongewu sepuloh ana bersih dhesa nang dhesaku. Aku wis nyiapna pangan-panganan kanggo kanca-kancaku sing mampir nang omahku, selain iku aku ngeteri jajan nang dulur-dulurku. Jam pitu isuk ning lapangan digawe bancaan, aku banjur melu ngrebutna iwak pitik lan iwak wedhus, mbuk...mbuk...mbuk...dhurung ana lima menit adhune wis amblas kabeh, jan warga nang dhesaku kayak pitik.
Sawise sekolah aku banjur nang lapangan(punden) ndelok wayang kulit gawe ngrayakna bersih dhesa. Getun sing tak rasakna banjur weruh wayang, merga critane wis ning pertengahan. Wayang kulit wayah awan bar. Ngko jam wolu ana maneh wayang kulit, malah acarane luwih luwar biasa, merga nekakna bintang tamu. Dhetik dhadhi menit idhep-idhep wayang kulit wis cakut, aku banjur nggolek panggonan ning ngarep panggung gawe ndelok sindhen-sindhen sing padha sumringah kabeh lan bintang tamune. Aku ngguyu kemekelen wayah bintang tamu(pelawak) ngguyoni penonton, jan lucu banget, ndelok raine wae wis kudhu ngguyu apa meneh omongane, waduh...waduh...waduh... wetengku kaku wayah pelawak salah tingkah, ngguyu ngguyu ngguyu iku sing tak lakoni wayah pelawak beraksi. Getun gek mau aku gak tuku kopi, banjure aku ya ngantuk. Sawise pelawak wis mudhun saka panggung aku banjur muleh, mripatku wis ngantuk lan sesok aku kudhu sekolah. Sampek teka omah aku banjur mapan lan ngorok.
BIOGAS
VIII-F COMMUNITY,Neng jaman semaju iki, rega barang-barang ora tambah murah nanging tambah larang. Salah sawijine barng sing larange radhunung yaiku lengo gas. Pemerintah wis mbagekno LPG gratis ning masyarakat kanggo ngatasi masalah iki. Nanging akih masyarakat sing isih gak isa nganggo LPG dadine akih kecelakaan sing kedaden. Amergo kemajuan jaman akhire ana wong sing nemokna alat jenenge biogas. Biogas iku alat kanggo masak sing bahan dasare teka blothong. Sakliyane isa nghemat duwit biogas uga luwih aman nak dienggo. Cara kerjane biogas yaiku, blothong 1:banyu 1, contone blothong sak ember banyune yo sak ember. Bar ngono blothong sak banyune diudhek ngasi ajur. Terus di lebokno neng tanki digester(tanki sing di pendhem ning njero lemah). Ndhuwure tanki digester diwenehi ledeng terus dikei selang trus di sambungno ning kompor LPG. Bar ngono biogas wis siap digawe masak. Sakliyane gase isa digawe masak, limbah padate biogas yo isa digawe pupuk padat lan limbah caire uga kena digawe pupuk cair. Nganggo biogas luwih aman ketimbang nganggo LPG. Amergo nak sampek ana kebocoran, cuman gandha blothong. Tur saiki wis ana penemuan anyar maneh, biogas uga isa digawe listrik nanging urung akeh sing nduwe.
ing tikungan nabrak teras
VIII-F COMMUNITY, Jumat, 04 Juni 2010TIBA ING TIKUNGAN NABRAK TERAS
Dina sabtu, aku lan kanca-kanca ngrundinr arep budhal ing nganget kanggo nyatat tugas TIK, sakwese runding kanca-kanca lan aku mutusna budhal ing nganget Dina Minggu jam 08.00 isuk, sak bare runding aku muleh ing omah, aku matur mak bapakku. Nek sesok aku arep budhal ing nganget bapak lan ibuku ngijini.
Isuk-isuk aku tangi adus lan siap-siap budhal ing nganget, sak wise siap-siap aku budhal marang sekolahan, tekan sak ngarepe sekolahan aku pethok karo Heri,heri ape ing omahe rama njupuk flasdish lan aku arep ing omah Frans, nanging aku gak weruh omahe Frans aku diterke Heri marang omahe Frans. Sakwusi tekan omahe Frans aku lan Heri pethok ibune Frans, ibuke Frans pesen karo aku, nek Frans dikon numpak ambek Pak Miun, sakwesi nang omahe Frans aku arep balek marang sekolahan. Sak durunge tekan sekolahan aku pethok Frengki lan Frans aku diajak neng omahe Alin. Nunggu cah liyane kumpul.
sak wise kumpul kabeh Rosi marani Pak Miun kanggo nyileh kamera. Sakwise nyileh aku lan kanca-kancaku balek ing sekolahan kanggo ngrencanakno acara-acaraing nganget sak bare ngrencanaake aku lan kancaku ngenteni Pak Miun mindah data kamera ing computer.
Pirang-pirang menit aku ngenteni sampek pegelen, Pak Miun mindah banget suwene ,aku marani Pak Miun supaya cepet olehe ngeleh. Jare Pak Miun wis ape bar, sabare mindah Pak Miun mbagi kendaraan kanggo budhal. Aku lan Frans ambek Fahmin, neng Frengki ambek Nisfatin lan Rosi ambel April nek Pak Miun berangkat ambek Kak Hendro. Sak bare dibagi aku lan kanca-kancaku budhal. Aku budhal ing nganget lewat dari Balong. Pas tikungan balong aku nabrak teras omah. Olehku numpak sepeda kbanteren, untung wae aku nggak opo-opo, nanging kancaku Frans sikute getehen, neng Fahmi sikile pincang, sak bare tiba Pak Miun teka langsung nulungi aku lan kanca-kancaku. Pak Miun ngabari kanca-kancaku sing wes budhal dhisik dikon mbalik ning sekolah.
Aku lan Kak Hendro mbalik ndak sepedah nanging Pak Miun gawa Frans lan Fahmi ana sekolah. Sak bare ndak-ndakna sepeda Pak Miun lan Kak Hendro ngeter aku mulih, sak tekan omah Bapak lan ibuku gak ana neng omah. Aku marani bapak lan mibuku ning sawah. Aku mator karo bapak lan ibuku supaya mulih nemoni Pak Miun lan Kak Hendro. Sak tekane omah kak Hendro jelasna kejadian dhek mau sak bare jelasna Pak Miun lan Kak Hendro. Sak tekane momah Kak Hendro jelasna kejadian dhek mau, sak bare jelasna Pak Miun lan kak Hendro pamit mulih.
By : Choirul I
KECELAKAAN
VIII-F COMMUNITY, Kamis, 03 Juni 2010Cerita iki tentang pengalamanku dhewe pas ngalami kecelakaan neng pertelon besowo. Dina iku dina kemis. Kayak biasane, angger dina kemis aku ngulang pramuka. Pramuka cakut jam setengah telu lan bubar jam lima. Pas upacara pembukaan arep cakut aku kondo ning bocah bulu seng jenenge Rosi "Ros engkok nak muleh aku enteni yo."
Terus Rosi njawab "yo mbak."
Lha pas arep bubaran ujuk-ujuk tanggaku seng jenenge Eka muni "mbak engkok bareng aku yo! Aku di parani."
Aku njawab"Di parani sopo dek?"
Nanging eka malah muni"Wis lhe engkok lhak eroh dhewe."
Amergo aku lali nak wis janjian karo Rosi di tanbah rasa penasaran lan pikiran nak luwih becik nunut alaane gak enthok montor, akhire aku gelem di ajak Eka.
Nanging sedurung mulih pak Miun ngajak kumpul, dadine aku kumpul sek. Pas pak Miun njelasno Eka nyeluk aku "Mbak ayo wes di enteni lho." terus aku ijin neng pak Miun kanggo mulih disek.
Pas aku mlaku moro telkom aku lagek eling nak aku ndhuwe janji karo Rosi. Tapi tak sawang neng ngarep SMP wes sepi. Dadine aku takok Eka "Dhek bocah Bulu seng liyane neng endi?"
"Mboh mbak aku gak eroh." Jawabe srondok ngamuk.
"Lha sing marani kuwe ning endi?" Takokku neh.
"Lha iku neng ngarep telkom."
"Cah lanang iku sopo lhe dhek?"
"iku fanse Yulis."
Amergo isih penasaran, aku takok maneh "Jenenge sopo lhe?"
"Wes lhe."
Bocah sing marani iku, sempet mlengak. Nanging raine gak ketok jelas. Nanging aku kayak tau pethuk. Amergo wis sore dadi pas wis thuk telkom aku langsung numpak.
Perjalanane lancar-lancar wae. Nanging pas ning pertelon Besowo ono elf sing mandhek. Sepedhae bocah sing nggoncekno aku wis sempet di rem. Amergo gak ono tandha-tandha elf ape menggok, dadi sepedhae di gas maneh. Lha pas ape tuthuk pertelon elf iku reting lan langsung menggok. Sepedha montore wis di rem nanging wis gak ngatasi maneh. Akhire tabrakan iku gak isa di hindari. Aku sempet gak sadar. Terus aku di tulungi karo wong sing ana neng sekitar kono lan langsung di gi gowo neng PUSKESMAS. Awakku rasane lemes lan lara kabeh. Sikilku retak lan bablak kabeh. Neng PUSKESMAS aku lagek eroh nak jenenge bocah seng nggoncekno aku iku Kamet. Aku mulih teko PUSKESMAS jam 21.00. Teko pengalaman iku aku isa sinau yan aku kudu mikir-mikir yen dijak wong sing gak tak kenali.
Maling
VIII-F COMMUNITY,Jenengku ilma, dina iku pas ape budhal sekolah, wong tuwa lan adhekku ape moro neng omahe budheku ing Bojonegara, amerga neng omahe budheku ana sedekah bumi, lha aku neng omah mungkur karo mbakku, jenenge mbak Ayu.
Pas muleh sekolah lan wis thuk ngarep omah, aku bingung, kawit gek mau ana wong undal-undul ape mlebu omahku, tak kiro iku tamu utawa kancane mbakku, pas aku mlebu omah aku takon mbak Ayu.
"Mbak, iku kancamu yo?" Aku takon neng mbakku.
"Sing ndi ta Il? Iku yo?" Mbakku balik takon karo ndidingi wong sing neng ngarep omahku.
"Ho'oh, iku kancamu ta mbak?"
"ora'i, iku ora kancaku, aku wae ora kenal Il." Jawabe mbakku.
"Yo wis ati-ati wae nek ngono!"
Gang telung jam aku muleh sekolah wong seng gek mau undal-undul wis gak ana, atiku banjur ayem banget.
Bengi-bengi jam pitunan, wetengku keleson, gara-gara mbakku ora masak. Akhire aku lan mbakku metu sedelok, neng warung cedhak omahku, aku arep tuku sego goreng, menisan mampir neng omahe kancane mbakku. Wooo, perkoro mbakku gak eling wektu olehe dolan, dadine aku karo mbakku muleh jam 9 bengi, kedalon cah.....
Thuk omah awakku pegel kabeh, aku lan mbakku banjur turu, sakdurunge turu, lawang ngarep banjur dikunci, lan kuncine dijabut diseleh neng nduwur lemari, uga lampune dipateni.
Kira-kira jam 11.20, mbakku kaget lan langsung gedandhapan tangi amerga krungu swara-swara aneh neng ngarep, lan mbakku langsung nggugah aku.
"Il, Il tangi Il,!!!" Unine mbakku.
"Heem, apa leh mbak, lagek wae turu digugah!!" Aku mangkel.
"Woooh, rungokno leh! Aku krungu swara klothek-klothek, koyok pintu ape dibukak, padahalkan kan wis tak kunci, apa ana maling yo?." Omonge mbakku gugup.
Bar iku, aku karo mbakku metu ko kamar, lan langsung njupuk sapu nggo jagan menthung malinge.
Pas pintune kebukak lan soko pintu iku ana wong telu mlebu, aku karo mbakku wis siap menthung, pas ape dipenthung, lampune dinyalakno mbakku, eee, ndadakan ora maling sing mlebu tapi wong tuwa lan adhekku sing mlebu, walllaaaah aku karo mbakku kisinan dhewe, gara-gara ape menthung wong tuwaku dhewe.
Dening:Antya Ulfa. I