Ayo ndang nulis

Nyatane nganti tulisan iki dicetak, isih ana anakku sing durung nulis babarpisan. Saliyane kuwi, tulisannku sing wingenane kabare gawe "heboh", nyatane ora. Proses editing durung dilakoni kanthi temenan. Isih akeh tulisan sing salah.

Anakku, saiki wis arep ulangan semester. Eling pesenku, bijimu tetep dakjupuk saka tulisanmu ning "blog" iki. Sapa sing durung tau nulis, mesthi wae ora bakal duwe biji. Suwalike, sing tulisane akeh tur apik-apik, bijine ya apik. Lha nek ora duwe biji banjur kepriye? Resikone ning awakmu dhewe.

Terus maneh, aku jan jengkel banget nek ana tulisanmu sing mung "angger nulis" wae. Eling, perilaku temen kuwi penting. Nek kowe nulis mung merga wedi, merga kepeksa, ora bakal kowe dadi apik. Kaya sing sering dakomongna, pendidikan kuwi sing primer "perubahan perilaku". Nek wis diomongi bola-bali tapi tetep ngerjakna tugas mung "angger nggarap" wae, ora ana artine.

Dakkira iki saranku sing terakhir ngenani tugas nulis basa Jawa. Nek tetep ora ndang digatekna, .....resiko tanggung penumpang.

Comments :

0 komentar to “Ayo ndang nulis”

Posting Komentar