LUNGA

LUNGA
lunga kaya nerusake urip liya sing gawe awakku
ora ana maneh ing cedhakmu.
Aku ora bener-bener lunga,
aku mung ora dadi menungsa sing ana ing uripmu maneh.
yen awakku lunga, kita kaya urip ing donya sing bedha,
aku ing jagadku, lan awakmu ing jagadmu dhewe.
Nanging kanca, awakmu mung kudu ngandel yen semestine
aku ana terus ing cedhakmu, ing ngipimu, lan ing atimu.
Kanca, urip kudu diterusna amarga wektu melaku terus.
Lan masia awakmu ora pingin yen awakku lunga,
nanging kadhang sing jenenge urip kudu diterusna karo cara sing ora kita pingin.



kepethik saka buku 'curhat setan' nganggo basa sing diganti.

Ayo ndang nulis

Nyatane nganti tulisan iki dicetak, isih ana anakku sing durung nulis babarpisan. Saliyane kuwi, tulisannku sing wingenane kabare gawe "heboh", nyatane ora. Proses editing durung dilakoni kanthi temenan. Isih akeh tulisan sing salah.

Anakku, saiki wis arep ulangan semester. Eling pesenku, bijimu tetep dakjupuk saka tulisanmu ning "blog" iki. Sapa sing durung tau nulis, mesthi wae ora bakal duwe biji. Suwalike, sing tulisane akeh tur apik-apik, bijine ya apik. Lha nek ora duwe biji banjur kepriye? Resikone ning awakmu dhewe.

Terus maneh, aku jan jengkel banget nek ana tulisanmu sing mung "angger nulis" wae. Eling, perilaku temen kuwi penting. Nek kowe nulis mung merga wedi, merga kepeksa, ora bakal kowe dadi apik. Kaya sing sering dakomongna, pendidikan kuwi sing primer "perubahan perilaku". Nek wis diomongi bola-bali tapi tetep ngerjakna tugas mung "angger nggarap" wae, ora ana artine.

Dakkira iki saranku sing terakhir ngenani tugas nulis basa Jawa. Nek tetep ora ndang digatekna, .....resiko tanggung penumpang.

GIGIH

Jam bekere Gigih wis muni, Gigih gahe-gage adus lan tata kanggo sekolah. Gigih biasa budal sekolah numpak sepedah ontel. Gigih iku termasuk siwa sing ora pinter nemen namun mlebu tok kelas unggulan.

Sak tekane Gigih tok sekolahan Gigih ora patekno seneng, mergo Gigih ora dianggep kanca karo bocah liane. Paleng-paleng sing seneng baturan karo Gigihmung cah sak itek. Kanca-kancane ora gelem kancanan karo Gigih mergo Gigih ra pinter lan anae wong ra ndue.

Mergo Gigih ra patekno disenengi kancane ndeke ra wanina lan wedi ndak ndeke ape opo-opo tok sekolahan. Tapi ndeke ijek ndue batur jenenge Dono. Tapi kadang-kadang Dono ya gawe atine Gigih loro.

Dina selasa Gigih ora mlebu sekolah. Dieten-entena sampek seminggu Gigih ra mlebu. Candra bocah sing engkek tok sekolahan iku sadar ndak batur iku kabeh podo. Candra lan kancan liane sepakat ndak jam 3.00 sore ape niliki Gigih tok oahe.

Akhire Candra lan kanca-kanca liane tok omahe Gigih. bocah-bocah mau jalok seporo karo Gigih. Gigih akhire gelem sekolah mane. Mergo ndeke ra mlebu iku gak gelem sekolah mergo wedi karo kanca-kancane.

Gigih lan kanca-kanca liane dadi akrap lan seneng karo Gigih. Gigih sakiki dadi semangat sekolah lan ndeke dadi juara kelas.